Lihat ke Halaman Asli

Bambang Subroto

Menikah, dengan 2 anak, dan 5 cucu

Ngumbara Laku

Diperbarui: 11 Juni 2022   07:06

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Photo karya Mark Power  -Bersumber dari twitter Apostrophe

Nganglang dhewekan, kanggo ngenepake ati. Njajah desa milang kori. Ngoyak sesipating ati, kenapa kok bisa gonta ganti.

Apa kabeh  bisa salin sak nalika ? Ala ginanti bagus. Mlarat disalini sugih. Banjur sak kabehing wong padha pangling. Kuwi mau, amung anampik getun wae.

Nalika nandur kabecikan, tetep eling lan waspada. Milah-milahake kahananing dhiri ana ing jagad iki.

Sak lawase urip puniki, mesti nemu pepeteng lan jejiret. Sak kabeh mau bisa disingkirake kanthi laku kang tuhu.

Kadhangkala ati tan kuwawa nandangi. Manungsa kuwi luwih seneng anggagas kang edi peni. Sanyatane, akeh wong kang kasandhung gagasane dhewe-dhewe.

Sanadyan wis nyata sarupaning kahanan urip iki. Nanging nyatane ora bisa uwal saka pamrih lan suprih. Iku godha kang angel  didohi utawa diemohi.

Mabura sak isamu, malah yen bisa ngambaha banyu. Nora bakal ketemu sebab musabab ingkang lunyu.

Ana wae bebendu kang ngalang-alangi laku. Masia ngumbara adoh, nora bakal ketemu.




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline