Lihat ke Halaman Asli

gurujiwa NUSANTARA

pembawa sebaik baik kabar (gurujiwa508@gmail.com) (Instagram :@gurujiwa) (Twitter : @gurujiwa) (Facebook: @gurujiwa))

Ojo Ngimpi Karo Mantan Neng Sebelah Bojomu !

Diperbarui: 31 Mei 2021   11:51

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Ojo pijer nangis wae to yaaaang...(nusagate institute) 

Dik
Mau bengi
Aku mgimpi

Driji tanganku
Digandeng driji tanganmu
Ndredheg ati
Ketiban seneng
Nunggu resmi gegayuhan ati

Banjur mulih
Ning omah joglo kuno
Prasasat ora ono kabar endah liya
Sing ndak tunggu

Sliramu bakal dadi bojo
Gegantelaning ati
Sigaraning nyawaku

Nanging kahanan omah
Petheng ndedet
Lelimengan
Mlebu ngliwati lawang kayu
Gandengan kita ucul
Wedi
Banjur golek dalan metu

Aku iso metu
Mlumpati dalan mburi
Sliramu mbrosot
Nglewati bolongan
Ngisor omah
Dastermu kecantol
Suwek rowak rawek

Tangismu pecah bumi langit
Gelo isinmu banjir
Nelesin sikil
Sumpyuh neng dada

Mas aku tresno
Selawase urip
Setyo tuhu
Pengin ngabekti
Kelawan panjenengan
Ning gusti ora paring palilah
Sepuramu aku nyuwun pamit wae

Blar!
Geluduk gede
Ambrol neng langit
Udan ekstrim ngambyarke ati
Sedelok wis banjir
Banyu wis tekan guku

Glagep
Glagep
Aku njaluk tulung awakmu
Nanging awakmu wis munggah perahu
Ngado soko aku

Aku njerit
Sak kuate bengokanku
Ning sliramu ra krungu
Babar blas

Halaman Selanjutnya


BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline