Lihat ke Halaman Asli

Tedhak Siten Tradisi Jawa

Diperbarui: 2 November 2023   15:29

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Pendidikan. Sumber ilustrasi: PEXELS/McElspeth

        Tedhak siten iku salah sawijining tradhisi adat lan budaya Jawa kang tujuane kanggo anak supaya bisa dadi anak kang sukses ing tembe mburi (masa depan). Tradhisi iki wis ditindakake wiwit jaman dhisik tekan saiki lan turun temurun. Saliyane nggambarake donga lan harapan saking wong tua marang anak, tradhisi iki uga kagem ngunjukaken raos syukur marang paringane Gusti Allah kang sampun paring keturunan.

        Tedhak siten nduweni arti mlaku ing bumi. Tedhak yaiku mlaku lan siten iku siti utawi lemah. Upacara iki nggambarake kesiapan anak kanggo ngadhepi urip kang ora gampang supaya bisa sukses ing tembe mburi (masa depan). Tedhak siten ditindakake kanggo anak kang umur 7 lapan utawi 245 dino. Babagan iki amarga umur anak / perkembangan anak wis ngancik ing tahap ngadek, lan sikil anak wus bisa ngidak lemah.

        Biasane Tedhak siten ditindakake wektu esuk ing ngemper ngarep omah. Tedhak siten biasane nggunaake persembahan kang nduweni arti panyuwunan lan donga marang Gusti kangge nampi berkah lan perlindungan, uga berkah saking para leluhur.

        Sadurunge prosesi acara Tedhak siten, wong tuwa merlokake alat lan ubarampe kang kudu dicepakake yaiku:

  • Kurungan saka pring koyo kurungan pitik,
  • Aneka jenang ketan warna warni,
  • Ondho / Tangga lan kursi sing digawe sangka tebu,
  • Iwak pitik panggang kang ditusukake marang batang tebu, ngisore diwenehi gedhang lan maneka warna barang utawi dolanan tradisional,
  • Tumpeng robyong, bubur lan jenang ketan 7 warna, buah-buahan, lan jajanan pasar,
  • Duit kertas utawi receh kanggo disebar,
  • Banyu gege kang wes dijarke ing papan terbuka lan esukke kena sengenge matahari tekan jam 08.00,
  • Pitik urip kang diculakae lan direbutke.
  • Susuanan acara tedhak siten kang kudu dilakoni yaiku:

1. Mlaku ing jenang ketan 7 warna.

Anak dipandu mlaku ing duwur jenang kang wus diwarnai abang, putih, jingga, kuning, ijo, biru, lan ungu. Tahap iki gadhai makna urip kang awale peteng dadi padang.

2. Ngidak ondho / tangga saka tebu.

Anak diajari ngidak tangga saka tebu ”Arjuna”. Tebu iku singkatan saka Antebing Kalbu, lan dikarepke besuk anak iku nduweni perilaku kaya Arjuna yaiku pejuang sejati lan bisa mlaku ing panguripan kanti tekat lan percaya diri kang kebak.

3. Didelehake nang tumpukan pasir.

Anak kudu nglakokake “Ceker-ceker” yaiku dolanan pasir nganggo sikil loro. Tahap iki nduweni arti kerja / nyambut gawe lan nduweni pakaryan kang bisa kanggo nyukupi kebutuhan urip.

4. Mlebu ing kandhang pitik.

Halaman Selanjutnya


BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline