Lihat ke Halaman Asli

Cerkak: Selak Ing Janji

Diperbarui: 30 November 2015   10:53

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Dimuat ing Koran Solopos Kamis, 19 November 2015

Cerkak dening: Artie Ahmad

 

Udan isih riwis-riwis nalika layang saka Mas Damar dak waca. Swarane banyu udan kang tumiba saka talang nambahi giris ing ati. Ora krasa luhku seka ndlewer ing pipi. Ora dak kira yen katresnane Mas Damar mung tekan sakmene. Bubar lan ora bakal ana crita maneh bab aku lan dheweke.
‘Nyuwun pangapurane, Dhik. Aku wes ra bisa selak marang panyuwune Ibu bab kudu ningkah karo wanita liya. Bab jodho iki wis dirancang swargi Bapak sadurunge Bapak nandang gerah lan katimbalan Gusti.
Atiku uga lara ora beda kaya sliramu, Dhik. Iki pepesthen aku lan sliramu. Tresnaku marang sliramu, ora beda kaya murnine banyu tlaga, aluse ngluwihi kapuk randu. Dak suwun pangapuramu ya, Dhik…’
Lemes. Pawongan kang sing dak tresnani bakal ningkah lan wanita liyan. Kaya ana jarum kang njojoh atiku. Perih, lara. Jebule kaya ngene iki sing disebut lara branta.
Anggonku kenal Mas Damar ora beda kaya aku kenal awakku dhewe. Ananging prakara kudu krama karo wanita liya, ora tau dak pikirke sadurunge. Mas Damar priya sing ora tau goroh, apa wae sing dadi pangucape mesthi apa anane.
Udan ning jaba durung terang. Swarane godhong-godhongan sing katerak angin nambahi larane atiku. Hawane kekes. Kaya dielingke, pikiranku nglambrang kelingan telung minggu kepungkur nalika Mas Damar tekan Semarang mung pengen weruh awakku.
***
Bali saka kuliyah aku banjur selonjor ning kamar kos. Swarane Wilda, kanca kamar sandhingku, nandhakake yen para mahasiswi kang nyewa kamar ing kos-kosan iki wis padha bali saka kuliyah.
Ngadhem saka panase Semarang wayah awan, aku mung dheleg-dheleg ngerungokake apa wae sing dadi gunemane kanca-kancaku ing njaban kamar.
Ora suwe, keprungu swarane Wilda ngundang jenengku. Aku ndangak lan mlaku nyedhak jendhela kamar. Pengen weruh yagene Wilda ngundang-ngundang jenengku.
“Yu, kae ana sing nggoleki awakmu! Jarene tanggamu saka Salatiga,” Wilda nuding pawongan enom sing ngadeg ing njaban pager.
Aku ngetutake panudinge Wilda. Barang ngerti sapa sing teka, aku mung bisa mesem, ngampet guyu. Mas Damar ngadeg ning sandhing pit motor. Tanganne nggawa bungkusan. Yen dak sawang kanthi patitis, sing ning jero plastik kresek iku ora liya lutis woh-wohan.
“Kadingaren ngelegakke mampir,” aku nyedhaki Mas Damar.
“Apa ora entuk aku mampir rene, Dhik?” Mas Damar ngguyu banjur mesem. Pasuryane katon kesel, kringet ndlewer saka bathuk nganti pipi. Kabeh mau ora marakke dheweke katon elek. Embuh…Aku kok malah bungah weruh kahanane Mas Damar. Kulite sing sokelat kulit sawo mateng, dhadhane sing amba, lan dhekik pipine kang ngapit irunge sing mancung kuwi ndadekake dheweke katon bagus ing mripatku.
“Enthuk, nanging ora entuk mlebu. Piye?” Aku noleh ning Wilda lan kanca-kanca kosku sing liya.
“Ora papa. Linggih ning lincak kene wae, ya?” Mas Damar langsung linggih sadurunge dak wangsuli pitakone mau.
“Kadingaren ta, Mas. Kok panjenengan nglegakke mampir kene?” Aku njupuk nanas banjur dak tutulke sambel lutis sing digawa Mas Damar.
“Aku kangen,” swarane Mas Damar alus, alon, ananging ning kupingku cetha banget.
Dheg…! Rasaku bungah. Aku ngguyu. Mas Damar mung mesem. Yen ora kleru wis ana telung minggu aku ora ketemu dhewekke. Mung SMS lan kala-kala telpon.
“Panjenengan kok nggawa lutisan barang?” aku njupuk kruntil sing rasane kecut nanging seger.
“Lha aku ngerti apa senenganmu, Dhik. Lotis utawa rujak.” Mas Damar mbukak gendul wadhah banyu putih.
Aku lan Mas Damar ngobrol nganti munjung sore. Ora krasa yen let antarane Semarang lan Salatiga iku ora cedhak. Nganti wayah wengi, aku isih wae mikirke Mas Damar. Apa wae sing mau dicritakake kaya dadi dongeng sing endah dieling-eling. Kuwi kabeh kedadean telung minggu kepungkur. Kahanan saiki, wes beda kabeh. Crita mangan lotis wis ora bakal bisa dak lakoni maneh.
***
Kesel nangis aku banjur keturon. Dina iki aku ora budhal kuliyah. Rasane awakku lungkrah. Layang sing diterke kurir titipan kilat wingi kaya nglolosi balung sumsumku. Hapene Mas Damar kaya-kaya mati. Ora bisa di-SMS utawa ditelpon. Aku dhewe uga bingung marang kahanan kaya ngene iki.
Aku ngematke jam, wes jam 10.00 WIB. Yen dak rasakke, aku wegah nyambut gawe apa-apa. Mripatku dak eremke. Swarane Wilda ngundang-ngundang jenengku. Aku weruh kledhange dhewekke saka ayang-ayang ing ngisor lawang kamar.
“Yu! Dayu! Awakmu ning njero ta?” Wilda ndhodhog lawang.
“Iya, ana apa, ta?” aku ngadeg.
“Apa awakmu masuk angin? Kok ora kuliyah, ora metu tuku sarapan barang?” pitakane Wilda.
“Aku ora papa, kok, Da. Mung males wae,” aku mbukak lawang kanggo Wilda.
“Ora. Yen upamane awakmu lara, ayo dak terke priksa ning dhokter,” Wilda ngulungke piring isi lonthong pecel. Yen dak sawang, ketoke lonthong pecel kui enak banget.
“Iki, aku mau tuku lonthong pecel. Ndang dimaem.”
“Nuwun ya, Da. Malah ngerepoti awakmu,” aku njupuk sendhok banjur mangan lonthong pecel sing digawa Wilda.
“Ana apa ta, Yu? Kok yen dak sawang awakmu katon kesel banget? Cahyamu ya pucet. Lara?”
Aku gedheg-gedheg. Kepriye caraku crita bab Mas Damar?
“Aku bubar pedhot saka pacarku, Da. Deweke kudu ningkah karo wanita liya,” swaraku alon, dhadhaku rasane mbesesek.
“Owalah, paringane Gusti! Iki sing jenenge rejeki.”
Aku langsung njenggelek bareng keprungu omongane Wilda. Lagi iki aku nemoni ana wong sing bungah bubar krungu yen kancane putus cinta.
“Piye? Kok sajake awakmu malah bungah yen aku pedhot?”
“Ora, Yu. Aja salah tampa sik ya. Ngene, sakjane aku iki pengen ngandhani awakmu. Kelingan Radite ora? Sedulur ponakanku sing omahe Blunyah kae. Ngerti apa ora?” Wilda mesem.
Aku mikir sapa sing dikarepke Wilda. Oh, ya, aku eling. Radite, sedulur ponakane Wilda sing kuliyah ing Sebelas Maret. Pawongane bagus, apik, awakke dhuwur ngluwihi dhuwure Mas Damar. Rambute sengaja dingu dawa nganti sapundhak. Aku wis tahu weruh Radite kaping telu utawa kaping papat nalika dhewekke teka ing kos nemoni Wilda.
“Ana apa bab Radite?” aku nyendok pecel sing rasane pedhes-pedhes gurih.
“Jare Radite, dhewekke wis nyoba nelpon awakmu, ning ora tau mbok gagas.
Dhewekke njajal SMS awakmu, ning ora tau mbok wales.”
“Mosok? Aku lali. Ya, pangapurane wae ya,” aku rada ora kepenak bubar keprungu apa sing diomongke Wilda bab Radite sing SMS aku ning ora tau dak gape.
“Ora papa. Dhewekke pancen isih pengen cedhak awakmu, Yu. Sakjane Radite kui seneng karo awakmu,” swarane Wilda katon kaya ngati-ati.
Aku mung bisa meneng, ora sranta yen bakal ana pawongan enom kaya Radite sing seneng marang awakku. Nganti Wilda menyat saka kamar kosku, aku isih mikirke Mas Damar lan Radite. Pancen wis makaping-kaping ana sing SMS ning nomor HP-ku, kala-kala ya telpon barang, ananging aku ora kenal sapa sing SMS lan telpon kui, ya ora dak gape. Jebule sing ngehubungi kui Radite, ponakake Wilda.
***
Ibu telpon, ndhawuhi aku kudu mulih ning Salatiga. Dina Setu aku mulih saka Semarang. Mlebu gapura pomahan, aku kudu ngliwati omahe Mas Damar. Pancen Mas Damar kuwi tanggaku dhewe. Swargi Pakdhe Su’ud, bapake Mas Damar kanca cedhak swargi bapakku.
“Sakjane ibu nyeluk awakmu iki ana sing arep ibu kabarke, Yu. Bab mbakyumu Mayang.”
“Inggih, Bu. Pripun ta? Wonten napa Mbak Mayang?” Sajakke ana sing wigati banget.
“Mbakyumu bakal ningkah sasi ngarep,” Ibu mesem, pasuryane katon bungah.
“Kaliyan sinten, Bu? Kok kula nembe ngertos,” aku pancen lagi ngerti yen jebule Mbak Mayang wis duwe calon sisihan.
Wingi-wingi aku ora reti yen Mbak Mayang wes duwe calon sisihan. Mbak Mayang pancen ora tahu kandha-kandha bab sesambungane karo wong siji lan sijine. Ora beda kaya aku dhewe, sesambunganku lan Mas Damar ora ana sing ngerti. Ibu lan Mbak Mayang uga ora ngerti yen aku lan Mas Damar wis tau mlaku bareng, rong taun suwene.
“Karo Damar, putrane swargi Pakdhe Su’ud. Sing njodohke mbakyumu lan Damar swargi Pakdhe Su’ud lan swargi bapakmu.”
Bles…! Kaya-kaya lemah sing dak ambah ambles. Aku mung kamitenggengen bubar keprungu sapa sing bakal ningkah karo Mbak Mayang. Mas Damar? Sikilku langsung lemes kaya dilolosi. Rasane kupingke mbengung kaya ana tawon ewon sing mubeng-mubeng ing cedhak kupingku.
“Ana apa? Kok ketoke awakmu ora senen yen mbakyumu bakal duwe sisihan, Yu?” alise Ibu njengkerut.
“Mboten, Bu. Kula ndherek bingah kok.” Aku ngelus dada alon.
Ora suwe ana swara pit motor ing ngarep omah. Mbak Mayang mlebu banjur nubruk awakku.
“Adhuh, adhiku sing ayu dhewe. Mbakyumu iki wes kangen, kok ora tau mulih, ta?” Mbak Mayang nyiwel jangkutku.
“Sibuk kuliyah. Saka ngendi mau?” aku nyoba ngguyu.
“Saka njupuk jaitan. Kebayak sing persis diagem Ibu pas krama karo swargi Bapak,” Mbak Mayang ngetokke kebayak saka njero tas plastik.
Aku lan Ibu ngematke kebayake Mbak Mayang karo ngguyu bungah. Kebaya werna putih saka brokelat kuei pancen persis kaya kebayak sing diagem Ibu nalika krama kaliyan swargi Bapak.
Guyuku langsung pupus nalika Mas Damar mlebu omah. Aku unjal ambegan. Sumarah marang Gusti. Mas Damar dudu darbekku. Ora ana sing bisa dilakoni manungsa yen Gusti Allah wis duwe kersa.
Kudu nrima pandum. Pancen wis ginaris kaya ngene iki critaku lan Mas Damar sing bakal dadi kakang ipeku. Aku trima nadyan larane ora bisa dicritakake. Jodhoku pancen dudu Mas Damar, aku nrima ing kahanan.
Bubar Isya, nalika Ibu lan Mbak Mayang isih guneman ning kamar tengah HP-ku muni. Ana SMS mlebu. Saka Radite.
“Piye kabarmu, Yu? Iki aku, Radite. Kelingan ta awakmu? Entuk dolan ning Salatiga utawa ning Semarang ora?”
Aku mbales SMS kuwi karo mesem. Mbokmenawa bener kandhane Wilda, jodhoku dudu tanggaku ananging mbokmenawa wong Blunyah.[]

 

Artie Ahmad lahir lan uripe ning Salatiga. Saiki uwis duwe novel lan kumpulan antologi cerpen.




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline