Lihat ke Halaman Asli

Sapa Aku

Diperbarui: 26 Juni 2015   02:35

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Puisi. Sumber ilustrasi: PEXELS/icon0.com

Aku dudu sapa sapa

Uga dudu apa apa

Aku ana merga karsaning Gusti

kang murbaning dumadi

Aku ngumbara ing alam donya

sakmadya kanggo urip sanyata

Saben dina tansah ngupaya upa

dudu makarya kanggo donya brana

Sadulurku kabeh manungsa sapadha-padha

sing tansah sih sutrisna datan gawe cidra

Iku kang bisa dadi sinarawedi

Tumancep sajroning ati

Aku pancen ala ing rupa

Mula ora ana sing gelem nyapa

apa maneh teka mara

sanajan wae mung sedela

Rina wengi tansah dedonga

nyuwun Gusti Kang Maha Kuwasa

uga ngranggeh ginayuh nyawiji

sungkem ing astane Ibu Pertiwi

Muga kabeh tansah sumadya

Ing lesan lan jiwaraga

Tansah mangayu bagya

Satemah kanggo kita sadaya

Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana
Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline