Lihat ke Halaman Asli

Mbah Ukik

TERVERIFIKASI

Jajah desa milang kori.

Dewi Sekartaji dan Panji Asmara Bangun

Diperbarui: 1 Agustus 2024   15:46

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Lukisan pernikahan Panji Asmara Bangun dengan Dewi Sekartaji. | Dokumen pribadi 

"Kangmas Inu Kertapati aku njaluk sepura jalaran lunga tanpa pamit ninggal Kangmas nganti bingung," ature Dewi Sekartaji kanti sesenggukan.

Raden Inu Kertapati ya Panji Asmara Bangun mung meneng wae ora bisa ngomong apa-apa. Panji Asmara Bangun ngerti yen lungane Dewi Sekartaji jalaran ditundung saka keraton karo ibu kuwalone.

"Apa Kangmas Inu isih tresna karo aku?" 

"Pitung sasi dak antu-antu aku nggoleki sliramu. Saiki wis ketemu apa ya tega bakal ninggal... ora Nimas. Sliramu sigaring nyawaku."

Dewi Sekartaji ya Dewi Galuh Candrakirana saya sesenggukan olehe nangis. Ora nyana yen Raden Inu Kertapati agung sih katresnane sanajan ditinggal lunga pitung sasi.

Panji Asmara Bangun terus mandeng Dewi Sekartaji sing mung ndingkluk ora bisa ngomong maneh.

Rasa tresna lan bungah dadi siji sajroning penggalihe. Kekarep urip bebrayatan karo Dewi Sekartaji bakal kelakon.

Semono uga nyawijining keraton Kahuripan dan Daha.

0 0 0

Catatan:

Halaman Selanjutnya


BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline