Lihat ke Halaman Asli

Mbah Ukik

TERVERIFIKASI

Jajah desa milang kori.

Potretmu

Diperbarui: 15 Juli 2022   11:24

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Dokumen pribadi.

Pancen abot sanggane dadi wongtuwa dhewean kang kudu nyambutgawe uga kudu ngopeni anak ontang-anting. Urip pancen wis ginaris kersane Gusti Pangeran kang maha asih. Ora udan ora angin mung merga watuk pilek bojo kang sutresna kudu bali tinimbalan Gusti Pangeran ing jaman kelanggengan.

"Yen emak mung momong isih bisa. Yen kudu nyepakna panganan janggo si endhuk wis ora kuwat...," kandhane Emake ateges njaluk Supardi enggal golek sisihan maneh.

Rabi maneh pancen gampang. Nanging golek sisihan urip sing bisa berbarengan ambangun katresnan bebrayatan kuwi ora mung bandha rupa lan donya. Apa maneh dheweke rumangsa duda anak siji isih balita.

0 0 0

"Mas, dak enteni sliramu ing Warung  Lumintu kidule Pasar Tawangmangu persis."
Pesen WA saka Mbak Sri sing dikenal saka aplikasi kekancan  efbi.

Jam rolas awan, bar kirim lombok, tomat, lan jagung ing Pasar Tawangmangu, Supardi langsung menyang Warung Lumintu kekarep mangan awan. Uga nemoni Mbak Sri, rondo kempling sing nate dodolan ing Pasar Tawangmangu.

Sega jagung lawuh botok lan kopi sak mug wis entek nanging Mbak Sri isih durung katon.
Banget kagete Supardi nalika ana langganan mlebu warung lan pesen sega kanti swara rada seru, "Mbak Sri bungkusna sega jagung telu."
Jebul Mbak Sri kuwi sing dodolan sega jagung iki. Wanita setengah tuwa dudu kaya Nawang Wulan randhane Jaka Tarub.

Nalika moleh, Supardi nyetel tembang Potretmu sing ditembangake Manthous.

Iki potretmu kang tak tampa bareng lan layangmu.
Bungahing ati ora kaya ing nalika iku, merga potretmu bisa gawe ayeme atiku.
Tansah sumanding ora pisah saka ing tanganku.

Yen tak sawang dasar ayu pancene isih timur.
Kira-kira antarane yuswa pitulikur

Halaman Selanjutnya


BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline