Lihat ke Halaman Asli

Mbah Ukik

TERVERIFIKASI

Jajah desa milang kori.

Puja Sesanti Mring Ibu Bumi (Persembahan bagi Alam Semesta)

Diperbarui: 18 April 2020   16:53

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Dokpri

Sapa    : Hong ulun mandara basuki langgeng...

Jawab : Langgeng basuki...

Sapa    : Teguh wiyono...

Jawab  : Teguh mulya

Kagem para sedherek, sumangga sami seba angeningaken cipta ugi sami konjuk dumateng ngarsaning Sang Hyang Wenanging Jagat supados kita sigra medal saking pageblug ingkang sampun dados gonjang-ganjingipun donya. Menawi menika saking lepatipun kita sedaya ingkang kesupen lumampah damel cidranipun sanes ugi Ibu Bumi ingkang paring pagesangan.

Bebasan wohing aren kita tansah kudu eling dumateng ingkang paring gesang. Sumangga panjenengan pados papan ingkang sae kaliyan sekeca miturut panjenengan.

( hening....sekitar 5-10 menit dan pusatkan pikiran pada alam semesta )

Dedonga kita:

Dhuh Ulun Sang Hyang Wenanging Jagat, kawula ngaturaken sembah sungkem.                                                                                                                                              

Sedaya kalepatan kawula ingkang sampun kelampahan, kawula nyuwun pangeksami ingkang agung. Ingkang dereng kalempahan, kawula namung sadermi kawula ngaturaken agungipun panuwun awit paring kanugrahan Paduka. Mugi-mugi kawula saged meningi kang nata kawula. Mangsa mulya tiyasa sak turun-turun kawula sedaya.

Dhuh Hyang Ibu Bumi ya Eyang Sri Widayaningrat kawula ngaturaken sungkem.                                                                                                                                                     

Halaman Selanjutnya


BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline