Lihat ke Halaman Asli

Mbah Ukik

TERVERIFIKASI

Jajah desa milang kori.

[Babad Tanah Jawa] Jaka Tingkir Membunuh Dhadhungawuk

Diperbarui: 27 Februari 2020   09:24

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Dhadhungawuk disuduk nganggo sadak gagang suruh. Dokpri

Candhake (lanjutan): Jaka Tingkir Berguru pada Ki Ageng Sela.

Sudurunge budhal menyang Demak, Jaka Tingkir sambang menyang Nyi Ageng Tingkir nyuwun donga pangestu supaya apa sing arep digayuh dadi prajurit ing Demak bisa kelakon. Apa maneh, nalika ing dalan ketemu karo Sunan Kalijaga sing uga pesen enggal budhal menyang Demak. Nyi Ageng Tingkir sing ora bisa maneh menggak kekarepane Jaka Tingkir pesen menawa wis tekan Demak supaya nemoni Kyai Lurah Ganjur sing ora liya kakange Nyi Ageng Tingkir.

Satekane ing Demak, Jaka Tingkir enggal sowan daleme Kyai Lurah Ganjur sing dhemen banget nampa Jaka Tingkir kang pideksa, bagus, uga duwe unggah-ungguh. Ing kana, Jaka Tingkir uga meguru kanoragan lan ngelmu bab sejatine urip.

Nuli sawijining dina Jemuwah, Jaka Tingkir lungguh ndhodhog sapinggire blumbang amba nalika kuwi Sultan Demak dalah Raden Trenggana arep liwat budhal menyang masjid. Jaka Tingkir banjur minggir mlumpati blumbang kanthi cara mungkur lan tumibane kaya manuk mencok banjur sila lan paring sembah  pakurmatan marang Sultan Trenggana.

Sultan Trenggana banjur nyeluk Jaka Tingkir lan didadekake abdi. Durung suwe dadi abdi, Jaka Tingkir diangkat dadi lurah para tamtama lan diutus golek nom-noman saendhenging Demak sing cacahe patangatus. Para nom-noman sing arep dadi prajurit tamtama kudu dijajal dhisik kekendelane lan kekuwatane.

Ana naom-noman sing jenenge Dhadhungawuk saka dhukuh Kedhupingit sing kawentar kendel, kuwat, lan umuk yen ora tedhas gaman. Sikap kaya ngono ora disenengi dening Jaka Tingkir.

"Aku kepingin weruh kasektenmu...Piye yen kowe tandhing karo aku nganggo gaman?" kandhane Jaka Tingkir.

"Sumangga Raden...," semaure Dhadhangawuk marang Jaka Tingkir. Dhadhungawuk ngadeg njegreg, tangane mentheng kelek, otote katon kumrengkel nanging ora njupuk keris.

Jaka Tingkir panas atine banjur methik sadak utawa gagang godhong suruh banjur disawatake kaya wong numbak. Sadak mancep ing jajane Dhadhungawuk dadi lan patine. Demak geger. Sultan Trenggana duka banget. Jaka Tingkir kang gawe wirang kraton Demak banjur ditundhung metu saka kedhaton.

Rumangsa gawe dosa jalaran gawe patine wong, Jaka Tingkir banjur minggat. Ngumbara kaya jaka umbaran jajah desa milang kori.

Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline