Lihat ke Halaman Asli

Mbah Ukik

TERVERIFIKASI

Jajah desa milang kori.

Mas Karebet (Jaka Tingkir) Berguru pada Ki Ageng Sela

Diperbarui: 16 Juni 2021   07:36

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Ilustrasi: Nyi Ageng Tingkir mengangkat Mas Karebet menjadi putranya. Dokpri

(Babad Tanah Jawa) Ki Ageng Pengging lan Mas Karebet.

Candhake: (Babad Tanah Jawa) Ki Ageng Pengging lan Mas Karebet.

Nyi Ageng Tingkir krungu yen Ki Ageng Pengging lan Nyi Ageng Pengging seda, atine keranta banjur budhal menyang pengging mupu Mas Karebet sing dadi boca lola. Mas Karebet saiki dadi putrane Nyi Ageng Tingkir lan katelah jeneng Jaka Tingkir.

Baca juga: [Babad Tanah Jawa] Jaka Tingkir Membunuh Dhadhungawuk

Nyi Ageng Tingkir olehe manggulahwentah Jaka Tingkir kanthi tenanan, sanajan Nyi Ageng Tingkir urip kecukupan ora nguja nanging tansah urip tirakat. Mula Jaka Tingkir dadi bocah andhap asor. Bareng wis diwasa Jaka Tingkir diutus Nyi Ageng Tingkir meguru menyang Ki Ageng Sela kang kondhang sugih ilmu tur wicaksana. Ki Ageng Sela sing isih tedhak turune rah Majapait rumangsa bungah duwe cantrik Jaka Tingkir sing pawakane pideksa, rupa bagus, lan wateke andhap asor. Yen lunga menyang ngendi wae Jaka Tingkir mesti diajak. Kaya nalika babad alas kanggo nggawe sawah Jaka Tingkir diajak.

Nuju wayahe aso sarira, Ki Ageng Sela turu ing gubug lan ngimpi menyang alas babad alas maneh ing sisih lor wetan. Ki Ageng Sela kaget weruh Jaka Tingkir wis tekan kana lan babad-babad alas nganggo gamane. Impen kaya ngono marai Ki Ageng Sela jenggirat tangi. Dideleng Jaka Tinggir wis lungguh sapinggire gubug.

Baca juga: Umbul Senjoyo, Eksotisme Petilasan Jaka Tingkir

"Kadosipun panjenengan radi kaget kok wungu jenggiratan menapa wonten ingkang dados kawigatos?" takone Jaka Tingkir marang Ki Ageng Sela sing tangi jenggiratan.

Ki Ageng Sela lungguh thenger-thenger banjur matur,"Aku duwe kekarep lan nyuwun ngarasne Pangeran suk kapan anak turunku bakal dadi ratu ing tanah Jawa. Nanging aku mau ngimpi budhal babad alas nanging tekan kana dak deleng kowe wis teka. Kaya-kaya iki pratandha yen kowe sing bakal dadi ratu..."

"Kula namung lare lola ingkang pados sejatinipun gesang menapa mokal yen kula  saged dados ratu? Menapa malih kula nate ngimpi kedhawahan rembulan nalika pasa kaliyan tirakat wonten Redi Telamaya," kandhane Jaka Tingkir.

Baca juga: Ki Ageng Sela dan Kisah Terjadinya Petir

Halaman Selanjutnya


BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline