Lihat ke Halaman Asli

Mbah Ukik

TERVERIFIKASI

Jajah desa milang kori.

(Babad Tanah Jawa) Ki Ageng Pengging lan Mas Karebet

Diperbarui: 22 Februari 2020   07:00

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Wayang Beber gaya Solo yang ditanggap Ki Ageng Pengging. Dokpri

Sakwise oncat saka tlatah Demak banjur babad alas, rerungkutan, lan bebandotan ing pinggire Desa Pengging, Ki Kebo Kenanga ngadegake bale sabanjure uga gawe langgar. Tumindake Ki Kebo Kenanga ditiru lan akeh wong  sing melu mbukak alas lan ngadegake omah ing kana. Mula Desa Pengging dadi rame banjur Ki Kebo Kenanga  didhapuk dadi sesepuh Desa Pengging kanga ran Ki Ageng Pengging. Desa Pengging dadi kawentar.

Sawijing dina, kancane sapeguron sing wis kaya dulur sinarawedi Ki Ageng Pengging dalah Ki Ageng Tingkir, Ki Ageng Butuh, lan Ki Ageng Ngerang padha teka sambang. Kanggo ngrengengake swasana uga  pasamuan gawe tandha karahayon Ki Ageng Pengging nanggap wayang beber. Pasamuwan iku uga kanggo kirim donga jalaran Nyi Ageng Pengging lagi ngandhut tuwa lan arep babaran mula nyuwun marang Pangeran Gusti Allah Swt muga-muga jabang bayi lair slamet.

Miwiti tengah wengi, nalika wayang durung bubar Nyi Ageng Pengging krasa nglarani banjur babaran sineksenan para kancane. Ki Ageng Tingkir, kanca sing paling tuwa dijaluk Ki Ageng Pengging mangku lan paring pangestu uga menehi asma (jeneng).

"Adhiku Ki Ageng Pengging, putramu kang bagus iki dakjenengake Mas Karebet. Aku nyuwun marang Pangeran Gusti Allah Swt muga mbesuk tembe mburi bakal dhuwur drajate..." dhawuhe Ki Ageng Tingkir.

Ilustrasi: Ki Ageng Pengging dan Mas Karebet. Dokpri

Ilustrasi: Nyi Ageng Pengging menggendong Mas Karebet. Dokpri

0 0 0 0

Sepasar (5 dina), sawise laire Mas Karebet, ora dinyana Ki Ageng Tingkir tinggal donya disuwun karsane Pangeran sing marakake sedih atine Ki Ageng Pengging. Nanging krenteg ati sing arep ndadekake ramene Desa Pengging mula Ki Ageng Pengging tansah pasrah marang Gusti Pangeran lan nuntun para tani supaya mempeng olehe tetanen sing bisa marakake mulyaning urip.

Kahanan Desa Pengging sing dadi rame kondhang nganti tekan Demak banjur Sultan Bintara ngutus Sunan Kudus karo ngajak prajurit pitu sambang Ki Ageng Pengging sing wis rong taun ora menyang Demak. 

Nalika utusan Demak tekan Pengging rumangsa adigang adigung adiguna yen ngomong nyengol nganggep kaya-kaya Pengging arep mbalela saka Demak. 

Ki Ageng Pengging dikrubut lan kebelek sikute dadi lan tiwase. Desa Pengging dadi geger, Sunan Kudus lan prajurite dioyak nanging wong desa ora gelem ana pasulayan maneh banjur mundur.

Sedane Ki Ageng Panggung dadi lungkrahe Nyi Ageng Pengging nganti lara banjur seda. Mas Karebet dadi bocah lola.

Ki Ageng Butuh, Ki Ageng Ngerang, & Ki Ageng Tingkir. Ilustrasi dokpri




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline