Lihat ke Halaman Asli

Mbah Ukik

TERVERIFIKASI

Jajah desa milang kori.

Kembang

Diperbarui: 11 Januari 2020   02:21

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Dokumen pribadi

Kembang kuwi wujude, wernane, lan ambune maneka warna. Ana sing cilik menthik kaya kuku driji jentik tangan wernane putih nanging ora mambu, kayata kembang lombok lan kembang baladewa. Ana sing cilik werna campuran ambune badhek, sengak, utawa bacin kayata kembang telekan. Ana sing cilik werna campuran putih, semu kuning, wungu, lan ambune rada kecut kayata kembang blimbing dan belimbing wuluh.

Kembange cilik dadi woh cilik kuwi kembang lombok lan baladewa. Kembang cilik dadi woh rada gedhe kaya kembang jeruk, kembang blimbing, lan kembang sawo. Kembang cilik dadi woh sing gedhe kuwi kembang timun lan kembang terong.

Ana kembang sing gedhene mung sak kuku jempol tangan nanging ambune wangi, sanajan wernane putih thok, yakuwi kembang melati sing dadi pralambange katresnan kang satuhu urip bebrayatan.

Nanging kembang melati kuwi umure mung sakedepan mata. Saiki mekar sesuk mesti alum lan dadi bosok. Ora ana rong dina mekare. Semono uga ambu arum wangine ilang. Mula apa ya isih pantes yen kembang melati kuwi dadi pralambange katresnan kang satuhu?

Kembang mawar ana sing cilik, ana sing rada gedhe, lan ana sing anyebarake ganda arum nanging uga ana sing ora. Wernane maneka warna. Nanging watange ana erine kanggo njaga supaya ora gampang dipetik. Dudu ora bisa.

Ana kembang sing mekare lan anyebarake ganda arum nalika wayah wengi. Kayata kembang kemuning, wijaya kusuma, kembang buah naga, lan sedep malem. Bisa gawe girise wong liwat nalika mambu gandane kembang iki. Kaya-kaya arep ditemoni Mbak Kunthi sing lagi kadhemen ing wayah wengi.

Kembang telekan. Dokumen pribadi

Jangan mencium dan memetiknya. Dokumen pribadi

Baladewa. Dokumen pribadi

Ana maneh kembang sing wernane tansah merak ati, embuh abang, putih, wungu, kuning, utawa campuran ananging ora nyebarake ganda arum mung wujude sing endah. Kayata anggrek.

Nanging kembang anggrek thukule kudu ning papan kang eyub. Kena panas sethithik utawa kudanan sethithik wae bakal alum lan rontok. Wujude dadi ora apik. Sing nyenengake, yen dijaga lan diramut kanthi becik bisa urip suwe watara rong sasi utawa telung sasi. Mulane anggrek kuwi kelebu kembang sing aleman utawa ngalem.

Kembang terate utawa tunjung sekar kuwi ya endah lan wernane ya rada akeh, kayata putih, abang enom, wungu enom, lan biru enom. Ora nyebarake arum wangi. Uripe kudu ing papan kang lendut. Tunjung sekar dadi pralambange yen wong urip kuwi kudu bisa tetep resik sanajan urip ing papan sing ora resik.

Uga ana kembang sing wujude gedhe banget tur ambune ya bacin. Thukule mung ning papan kang eyub  kayata isor wit gedhe ing pategalan, barongan, utawa pinggir wana utawa alas nanging uga jarang thukul. 

Arane kembang suweg. Yen mambu kembang iki weteng bisa mules, sirah ngelu, malah bisa semaput. Waah...mula yen weruh kembang iki aja cedhak-cedhak yen semaput ora ana sing weruh ora ketulungan nggeblak dhewekan bisa dientup kalajengking, cokot ula, utawa diklamuti garangan bakal dadi gawe.

Halaman Selanjutnya


BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline