Lihat ke Halaman Asli

Mbah Ukik

TERVERIFIKASI

Jajah desa milang kori.

"Ngundhuh Wohing Pakerti", Memetik Hasil Perbuatan

Diperbarui: 14 September 2019   10:58

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Subur. Dokpri

Sing sapa nandur bakal panen. Ora ana critane wong nandur pari panen juwawut. Ora ana critane wong nandur tela panen kentang. Ora ana critane wong panen lombok jalaran nandur suket teki. Ora ana critane wong panen pelem jalaran nandur kates gedhe kang gumandhul.

Sing sapa nandur pari ya bakal panen pari. Sing sapa nandur kacang ya bakal panen kacang. Dene panenane ora kaya kang dikarepake asile kuwi beda banget. Sanajan nandur pari nanging tegal sawahe ora dirumat kanti becik panene ya ora bakal apik. 

Sawah sakeddhok lumrahe oleh pari pitung karung mung oleh petang karung. Sing telung karung gabah kopong. Tegal sakbahu sing bisa ngasilake jagung sak gerobak mung entuk sak gledhekan nalika panen. 

Tetanen ora mung macul tegal lan nggaru sawah, ngelebi, lan milih wiji utawa winih kang apik wae. Nanging uga kudu ngrabuk lan ngupaya ambasmi ama kayata tikus, wereng, lan manuk uga matun ngilangi suket. Aja duwe penganggep nyalahake liyan yen asil panen ora mupakati. Tetanen pancen ora gampang nanging yen dilakoni tenanan asile bakal apik.

Kaya dene olah tegal sawah utawa tetanen, semono uga solahbawa kudu dilakoni kanthi laku becik. Laku becik ateges apa kang metu saka lesan lan tumindak ora gampang gawe cuwane liyan. Aja gampang nyidra liyan. Aja lamis. Aja cluthak, nggrathil, lan melik. Aja brangasan. Aja pethakilan. Yen ulat manis ilat ya kudu manis.

Sing sapa gawe lara lan  cuwane liyan sesuk bakal anemoni kahanan kang ora kepenak. Dudu ateges sing lara lan cuwa mau menehi piwales atuwa dendam. Nanging gemuruhning sajroning galih bakal menehi piweling ing swasana heneng lan hening.

Nuwun

Rahayu

Tumbuh dengan baik. Dokpri

Bahasa Indonesia

Siapa pun jika menanam akan memetik buahnya. Tak mungkin menanam padi akan memanen rumput juwawot yang biasa untuk pakan burung. Tak mungkin menanam ubi rambat akan memanen kentang. Tak mungkin orang memanen cabai karena menanam rumput. Tak mungkin seseorang memanen mangga karena menanam papaya yang besar menggantung.  

Halaman Selanjutnya


BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline