Lihat ke Halaman Asli

Mbah Ukik

TERVERIFIKASI

Jajah desa milang kori.

"Mesakake Kethek Ogleng"

Diperbarui: 21 Juni 2019   10:58

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Mesakake! Kasihan....! Dokpri

Kethek ogleng yen jaman saiki arane tandak bedhes. Kethek ogleng kuwi kethek utawa bedhes sing wis dilatih nandangi apa wae  kekarepe sing duwe utawa juragane. Kayata nunggang pit utawa sepeda montor, nggawa pacul lan piranti liyane, banjur diwuruki mlaku,mlayu, lan nari. 

Uga dipakeyani kaya sing digawe manungsa.  Yen wis lanyah banjur diajak keliling desa lan kutha kanggo golek dhuwit karo sing duwe. Mesthi wae dhuwite kanggo juragane. 

Si kethek utawa bedhes utawa munyuk mung diwenehi pakan apa anane, gedhang setengah mateng lan sepet, roti mambu lan cilik, utawa sisa panganan juragane. Mesakake!

Kaya dene manungsa duwe rasa kesel, semono uga kethek. Sanajan toh kesel yen akeh wong bakal dikongkon nari utawa nunggang sepeda. Dene ora gelem rikatan utawa mung ndlongop wae bakal disendhal-sendhal gulune sing ditaleni karo tampar lan rante. Mesakake!

Manungsa dudu kethek ogleng utawa tandak bedhes sing mung bisa nglakoni kekarepe juragan. Disendhal-sendhal kongkon ika iku iki.

Teganya.... Dokpri




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline