Lihat ke Halaman Asli

Mbah Ukik

TERVERIFIKASI

Jajah desa milang kori.

Kembang kang Dadi Endahing Donya (Bunga yang Memperindah Dunia)

Diperbarui: 8 Mei 2019   19:58

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Mawar desa. Dokpri

Salah siji sing marakake tetanduran dadi endahing donya kuwi kembang. Kembang kuwi maneka warna wujud lan wernane. Ana sing cilik menthik, werna kuning, putih, abang, biru, abang enom, lan jingga utawa liyane. Iki sing marakake kumbang, kupu, lan tawon kesengsem mula teka lan ngisep sari madune. Merga ana tawon.lan kanca-kancane mau, kembang bisa kawin lan bakal dadi woh. Mula yen ana tawon, kumbang, lan kupu mencok ning kembang aja digusah.

Kembang srengenge ning vihara. Dokpri

Apa maneh banjur dipethik. Seje maneh yen kembang kuwi pancen ditandur, dipethik, banjur diedol kanggo golek sandang pangan.
Kembang sing apik dudu sing tuwuh ana pekarangan wae. Thukul ana ngendi wae yen bisa dadi endahing swasana bakal didhemeni sapa wae sing nyawang. Apa maneh nyebarake ganda arum.

Bakung atau lily. Dokpri

Kaya dene kembang, kita kudu bisa nambah kaendahane swasana lan donya kanthi laku becik. Ana ngendi wae. Omah. Papan pagaweyan. Alas. Utawa karo tangga teparuh.Mula kudu eling sesanti tansah a 'memayu hayuning bawana'

Dokpri

Salah satu yang membuat tanaman yang bisa memperindah dunia adalah bunga. Bunga itu beraneka warna bentuk dan warnanya. Ada yang kecil mungil, wernane kuning, abang, putih, ungu, biru, abang enom, lan liyane. Inilah yang membuat serangga datang untuk mengisap madunya. Karena ada serangga yang hinggap itulah maka terjadi penyerbukan sehingga akan menjadi buah. Maka dari itu jika ada serangga hinggap di pucuk bunga jangan diusir. Apalagi bunga itu lalu dipetik. Beda lagi jika memang ditanam karena bunganya untuk dijual.

Dokpri

Bunga yang baik bukan yang tumbuh di halaman. Tumbuh dimana pun jika memperindah dan mempercantik suasana akan disayang siapa pun yang melihatnya. Apalagi jika menyebarkan harum wangi.Seperti halnya bunga, kita sebaiknya bisa mempercantik dunia yang indah ini dengan indahnya perbuatan dan ucapan kita. Di mana pun berada. Di rumah. Tempat kerja. Hutan. Atau hidup bertetangga.
Ingatlah dengan salah satu sesanti (pesan suci) 'memayu hayuning bawana' yang artinya selalu berusaha mempercantik alam yang indah ini.

Kenanga.




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline