Lihat ke Halaman Asli

Mbah Ukik

TERVERIFIKASI

Jajah desa milang kori.

Basa Jawa Lagi "Klenger lan Semaput"

Diperbarui: 31 Oktober 2018   09:33

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Embuh...ana wong lan kompasianer pira sing duwe pangarep-arep ana tulisan nganggo bahasa daerah mligine Basa Jawa. Nanging apa kang dikarepake mung kanggo wong liya. Nyatane yen diajak nulis nganggo Basa Jawa malah ngajak liyane. Malah yen dijaluk apa maneh yen diajak mung mangsuli sakenane. Jalaran ora bisa, ora ngerti, apa pancen emoh merga sing maca bakal sethithik jalaran akeh ora ngerti.

Dene aku dhewe wis nulis nganggo Basa Jawa ora pisan pindho. Dudu arep pamer. Nanging duwe kekarepan supaya Basa Jawa tetep lestari. Ora mung dadi wacana lan gagasan sing kudu digugu nanging ora dadi tumindak nyata.

Basa Jawa ing jaman saiki, pancen kaya wong lara ati kang antu-antu tamba supaya enggal waras. Nanging, jamu kanggo tamba ora njebul kaya wong kang ngenteni thukule jamur ing mangsa ketiga. Sanajan ta papane iyub lan adhem nanging ora ana banyu sing dibutuhake kanggo thukule jamur.

Sanajan ta, wong Jawa urip ing tanah Jawa lan sesrawungan karo wong Jawa nanging yen omong nganggo Basa Indonesia. Malah basa campuran. Alasane ben cepet dimangerteni. Malah ana penganggep Basa Jawa kuwi ora 'komunikatif'

Penganggep ora 'komunikatif' bisa amerga jalaran ora digawe saben dinane. Mula ora dimangerteni maneh. Tuladhane kaya ngene iki:

"Wis dikandhani bola-bali isih ndableg. Ora lidok..... njlungup!"

Para sedulur sing maca iki ngerti ora Basa Indonesiane 'ora lidok'?

"Isih jam 10, kok wis 'laut'. Apa wis rampung olehe 'matun'?"

Apa tegese laut lan matun?

"Aku wingi diwenehi Simbah poh selikur..."

Apa tegese 'poh selikur'?

Halaman Selanjutnya


BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline