Lihat ke Halaman Asli

Mbah Ukik

TERVERIFIKASI

Jajah desa milang kori.

Puisi | Sumelete Ati

Diperbarui: 26 Oktober 2018   14:43

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Sang Bagaskara. Dokpri

Sumelet panase sang bagaskara kang mlaku rindhit ing angkasa

Sanajan ta Dewa Bayu anyebul bumi agawe sumiliring angin ing jagad palemahan sawah ijo royo-royo

Nanging to bathuk lan ubun-ubun kaya umub arep njebluk

Njebluk wedi tetanen iki ora bakal panen jalaran lemah mlethek kepanasan

Kurang banyu. Dokpri

Mendhung kang gumantung mung mampir liwat keseret angin

Ngajak ngrasakake lumakune urip kang kaya roda manggilingan

Saiki mengisor kepanasan sesuk munggah kadhemen merga udan deres

Dokpri

Saiki mulya nanging sesuk aja nganti sangsara

Kaya yuyu metu saka leng sing sepi banyu banjur mbrangkang nemu banyu kang buthek mambu nanging migunani

Adhem panas pancen kudu dirasa ora ngresula

Sumelete srengenge mung dirasa ing raga

Halaman Selanjutnya


BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline