Lihat ke Halaman Asli

Mbah Ukik

TERVERIFIKASI

Jajah desa milang kori.

Puisi | Panyuwunku

Diperbarui: 14 April 2018   01:55

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Kaldera Bromo. Dokpri

Gumelar oro-oro Ibu Pertiwi kang amba tanpa winates

Pinayungan Bapa Angkasa kang murub ayub suminaring purnamasidhi

Ing kene, palataran oro-oro Sang Bromo aku sendheku angeningake cipta

Anunggalake rasa kairing sumiliring bayu Redi Meru kang nentremake sukma

Ora ana lesan kawetu mung galih kang tumuju ngarsane Gusti Murbaning Dumadi

Dudu panyawun gumebyaring mas inten raja brana

Uga kamulyaning drajat lan pangkat

Apa maneh kasekten raga kang ora tedas tapak palune pande

Mung sembah bekti rasa  sukur kang kaparingaken dumateng Panjenengan Dalem Gusti Kang Maha Asih

Kumeluking arum dalu dupa ratus muga bisaa angandharake donga

Sumebaring ganda arum kanthil, kenanga, lan mawar muga bisaa ngiringake donga ing ngarsaning Gusti

Halaman Selanjutnya


BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline