Lihat ke Halaman Asli

Mbah Ukik

TERVERIFIKASI

Jajah desa milang kori.

Ngudud Kudu Weruh Papan lan Wayah (Merokok Harus Tahu Tempat dan Waktu)

Diperbarui: 17 Juni 2015   08:30

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

1428240226463206317

Ngudud utawa ngrokok kuwi sêjatiné nurut ilmu kêsèhatan ora bêcik dilakoni, jalaran bisa marahi lara watuk, malah uga ndadèkaké lara TB utawa paru-paru. Nanging wis dadi kêbiasaané sapa waé yèn ngudud kuwi pancèn kêpènak sanajan ora ènak. Njur yèn ora ngudud ya ora lêga. Malah ana wong sing sênêng kêluwén utawa ngêlak tinimbang ora bisa ngudud. Kaya-kaya yèn ora ngudud, cangkêm dadi pait sanajan wis diombèni kopi sak morong.

Rikala tahun sêwidakan yèn ora ana dhuwit kanggo tuku rokok utawa mbako gawé rokok tingwé alias nglinting dhéwé, kêpêksa gawé rokok saka klaras utawa godhong gêdhang sing garing dibungkus klobot utawa kulit jagung. Malah ana sing kêbangêtên, ngudud penjalin garing.

1428240333800797161


14282402682007315905



Ana panêmu yèn ngudud kuwi sêjatiné mung kanggo ngangêtaké raga yèn pinuju kadêmên. Kayata wong sing uripé ing padèsan pinggir alas. Nanging suwéné suwé, malah dadi srana kanggo nduduhaké sapa slirané. Wong wis gêdhé lan sugih, sak ora-orané duwé dhuwit kanggo tuku udud. Mula ana sing gêlêm tuku rokok sing rêgané sakbungkus nganti limalas èwu. Ana sing mung gêlêm ngudud rokok mèrêk iki dudu iku, jalaran rasané ora ènak.

Mbuh kêpriye rasané ngudud kuwi, jaréné lêgi, pait, sêdêp, lan nikmat. Yèn nurut Simbah ngudud kuwi ya ora ènak rasané. Sanajan Simbah ya ngudud klêmbak sing ambuné wangi mênyan ngabul-ngabul sing marakaké sapa waé sing ngambu padha kêwêdèn. Jaréné ana mêmêdi utawa gêndruwo liwat.

1428240300293857455



Ana limang macêm udud, sing Simbah wêruhi.

Klêmbak mênyan, udud campuran mbako lan mênyan, ora ana cêngkèhé. Klêmbak mênyan nganti tahun pitung puluhan isih akèh sing nyêdhot. Lumrahé wong Kêrtosono nganti Purwokêrto. Apa manèh wong Yogya nganti Kroya. Nalika sêmana akèh sing sênêng klêmbak mênyan jalaran kanggo ngilangaké ambu amis bacin saka mburi omah sing ana kandang, gêdhogan, lan jumblêngé. Kêluké klêmbak mênyan uga bisa kanggo ngusir jingklong sing akèhé sak ndayak. Saiki kabèh akèh sing duwé panêmu kliru yèn klêmbak kuwi ududé dukun, kanggo ngundang para dahnyang dèsa utawa lêlêmbut. Mula aja sêpisan-pisan waé ngudud klêmbak ing tlatah wètan, kaya Probolinggo, Lumajang, Jêmbêr, Situbondo, Bondowoso, nganti Banyuwangi. Bisa-bisa dianggêp tukang santèt njur digêbugi nganti dadi lan patiné utawa modar!

[caption id="attachment_359256" align="aligncenter" width="550" caption="Klembak Menyan produksi Jogja"]

1428240383386383194

[/caption]

14282404251326981784


Rokok Klobot, udud saka mbako lan cêngkeh ning dibungkus klobot, yakuwi kulité jagung. Anané klobot jalaran jaman semono rêgané kêrtas rokok kuwi larang. Njur dibungkus klobot utawa kulit jagung. Sêpréné wis arang sing ngudud klobot sanajan wong tuwa. Klobot saiki mung kanggo salah sijiné uba rampé sêsajèn utawa kanggo nggrandong nyêluk lêlêmbut supaya awèh nomêr togèl.

Krètèk, filtêr, lan saiki sing lagi kondhang rokok mild, kabèh mêsthi wis ngêrti. Dadi Simbah ora bakal nêrangaké manèh.

Yèn pancén slirané isih ngudud lan ora bisa ngilangaké babarblas ya ora apa-apa. Mung aja nganti ngudud ing cêdhak bayi utawa wong kang nandang lara. Sak ora-orané kudu ngadoh lan aja kaya sêpur truthuk. Klêbas klêbus ora wêruh wayah lan panggonan.

Ngudud sing pênêr kuwi ing pojok pawon ngarêpé prapén utawa nalika jagong sinambi ngrungokaké campursari utawa klènèngan lan nyruput kopi. Swasana dadi gayêng marêm.

[caption id="attachment_359259" align="aligncenter" width="550" caption="Jika para dukun merokok klembak menyan, apakah lelembut menampakkan diri? Seperti di belakang itu...."]

14282408281567490855

[/caption]






BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline