Lihat ke Halaman Asli

Mbah Ukik

TERVERIFIKASI

Jajah desa milang kori.

Manungsa lan Kêmbang (Manusia dan Bunga)

Diperbarui: 17 Juni 2015   10:11

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

1425443360258989203

Sapa waé mêsti kêpincut yen ndêlêng kêmbang manékawarna lagi mêkar uga anyêbaraké ganda arum . Apa manèh ana kupu sing padha mabur lan ngéncup uga gumêbrêngé tawon lan manyang sing nambahi èdipènining palataran omah. Kêmbang pancèn bisa gawé têntrêming nétra lan galih sapa waé kang nyawang. Ora lanang ora wadon, nom tuwa bakal kêsêngsêm. Embuh kêmbang mawar, mêlati, kênanga, suko, kênikir, lan liyané. Ana kêmbang sing pantês sinawang lan dicêdhaki amêrga anyêbaraké ganda arum, kayata mawar lan mêlati. Ana kêmbang kan pantês mung disawang lan ora bisa diambu jalaran ambuné badhêg utawa sêngak, kayata kênikir lan têlèkan. Uga ana kêmbang sing endah wujudé sanajan ora anyêbaraké ganda, kayata anggrèk.

Kaya déné kêmbang sing bisa dadi èdi pènining tamansari lan sapa waé kang ndêlêng lan nyawang, sêmono uga kita kudu bisa dadi èndahing sapa waé sing wêruh. Èsêm gumuyu bakal dadibêningé pasuryan nalika sêsrawungan karo liyan.

1425443380422602726



Nanging, manungsa dudu kêmbang sing anyêbaraké ganda miturut lakuné utawa sumiliré angin. Yèn angin sumilir ngalor, gandané bakal ngalor. Yèn angin sumilir ngètan, gandané kêmbang bakal ngètan. Solah tingkahé manungsa kang anyêbaraké ganda arum kabêcikan lan ganda badhêg saka tumindak ala ora miturut lakuné angin. Nanging nyêbar saturuté lakuné lurung utawa dalan sing naté diliwati manungsa kuwi. Sapa waé sing natédicuwani ora bakal bisa mênêng klakêp. Crita marang liyan supaya ora ngalami kaya sing wis kêlakon aning awaké dhewé. Sanajan ta satêmêné kudu bisa nyimpên wêwadi alaning liyan.

Mula solah tingkah lan pitutur aja nganti dadi cuwaning liyan sing bisa dadi caturan liyan. Nuwun….

1425443408622470719

* Foto-foto sendiri.




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline