Lihat ke Halaman Asli

Besut Ssst....

Diperbarui: 25 Juni 2015   01:45

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

13449985271577308925

(Sebuah Geguritan *) [caption id="attachment_200299" align="alignright" width="300" caption="Tokoh Besut dalam drama tradisional "][/caption]

Sssst …..

Sssst …..

Sssst …..

- Rus, kembang semboja wangi kembange

ditandur amor brungki

ojok mek mbesengut ae

sautana tah salamku iki

; assalamu’alaikum ...

-- teka-teka kok nyangking kembang Semboja, Cak Besut

brungki kathik kebek paku

ati mangkel ya mesthi mbesengut

tapi tetep taksauti salam peno iku

; wa’alaikum salam …

- paku ndok brungki yo kelet, Dhik

tapi gak koyok kelete cucuk karo buntut

atiku langsung cemleret, Dhik Rusmini, Dhik

krungu swaramu sing ulem koyok manuk Kutut

; tempene gosong tah, Dhik, kok nganti mbesengut?

-- mari mangan tempe gosong yo ngombe

gak nok banyu yo keseretan peno

alah, sampeyan ojok kakehan lambe

endi buktine janji peno pas nang pasar tuku clono

; jarene mari riaya iki apene nglamar aku …

- Dhik, kesereten terus yo kemeng

lek aku matek sing gelo sopo

Dhik… Dhik… peno nagih tah iki maeng

sabar thithik kenek opo

; sek, ngenteni bayaran manggung pameran ndok GOR

-- awak kemeng yo cepet diteplok lulur

utawa dipijetno, mumpung onok becak

umur gak kenek dijak kekancan, dianggep dhulur

aku iki tambah suwek, Cak (eh tuwek)

; ket mbiyen alesan peno mesthi ngenteni bayaran

bayaran manggung ndok GOR gak kenek dijagakne, Cak Besut

- emoh, wong becak mari digawe ngemot jagung, Dhik

mosok ditumpaki uwong sing ngganthenge uyel-uyelan

isoku mangan tekok bayaran manggung, Dhik

lek gak kanthi yo kono goleka sing gajiane bulanan

; Tapi bener peno, manggung ndok GOR gak tau tepak jumlah

mbarek wektu caire

-- gantheng uyel-uyelan jare Markuwat

ngaku nggantheng lha kok igane nggambang

ssst, ojok banter-banter onok Sumo Gambar liwat

sampeyan engkok isok dicorek tekok daptar seniman Jombang

Sssst …

Sssst …

Sssst …

Kebonrojo-Jombang, 2005

-----------

*) Puisi dalam bahasa Jawa




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline