Lihat ke Halaman Asli

Reuni

Diperbarui: 19 Oktober 2023   12:20

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

 Ing wayah esuk sing cerah, ana bocah 3 sing lagi ngobrol ing kelas. Wong telu iku kanca cedhak yaiku Ani, Nisa, lan Siti.Wong-wong mau padha rembugan babagan lulusan SMP arep sekolah ing ngendi.

"Aku arep neruske SMA, soale aku arep nerusake kuliah," jawabe Siti

"Yen Ani arep sekolah ing ngendi?" pitakone Siti

"Aku ora neruske sekolah, merga aku kepengin nyambut gawe kanggo nulungi wong tuwaku," ujare Ani

Nisa lan Siti kaget krungu wangsulane Ani sing arep mandheg sekolah amarga masalah ekonomi wong tuwane.

"Apa kowe ora iri weruh kanca-kancamu sing nerusake sekolah?" ujare Nisa.

"Arep keprie maneh, kahanane kaya ngene,"wangsulane Ani

"Sing semangat! Ojo sedhih ya!" ujare Siti

"Matur nuwun, kanca-kanca! Yen kowe arep sekolah ning endi, Nisa?" takon Ani

"Aku bakal nerusake sekolahku ing SMK, amarga aku kepengin dadi lulusan teknik," wangsulane Nisa

Pungkasane, dina wisuda teka, dheweke sedih amarga kudu pisah kanggo nerusake sekolah sing beda supaya bisa nggayuh cita-citane. Nanging, dheweke rencana nganakake acara reuni ing 10 taun sabanjure.

Halaman Selanjutnya


BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline