Lihat ke Halaman Asli

Gurit Tembang Alit (Macapat)

Diperbarui: 24 Juni 2015   02:03

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Puisi. Sumber ilustrasi: PEXELS/icon0.com

Sekar macapat durma panca pada :


KASUKAN DHADHU

Pra Pandhawa nampi sedhahan Kurawa
Dening patih Sangkuni
Kinenandrawina
Suka-suka ing driya
Kasukan dhadhu tan lali
Punjer candhala
Kang dadi darubeksi

Pandhawatan darbe panggraita ala
Marangkadang pribadhi
Satuhu pracaya
Kurawa kang culika
Wus ngrantam kanthi taliti
Gya kapaeka
Rinebut ingkang nagri

Pandhawa lima samya kasor wusana
Kudu netepi janji
Binuwang ing wana
Rolas warsa laminya
Sawarsaanamur dhiri
Tan kinawruhan
Ing Wiratha nagari

Indraprasta myang Madukara kang praja
Miwah kawula dasih
Datan ana sisa
Kalebu ingkang garwa
Yeku dyah ayu Drupadi
Banten kasukan
Kurawa nggegilani

Sang dyah ayu Drupadi ginonjak peksa
Dursasanapakarti
Rahayu Sang Kresna
Mitulungisang retna
Nunggal myang Pandhawa sami
Angayamwana
Hanetepi prajanji

Tepiswiring persil kopi, ratri sepi100912

Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline