Ngantri
Sayyid jumianto
Esok iki kudu aku kudu menyang puskesmas karo bojoku. Ora amung ngeterke vaksin tahap ke loro ning ugo prikso.
"Ojo kaget menowo ketuk puskesmas"kandane bojoku karu aku.
Masalahe yen neng puskesmas kuwi opo aku iseh mikir bab iki.
"Sakjane kudu gasik " kandane maneh marang aku. Bener anane yen dino senin opomaneh dino seloso koyo dino iki akeh banget sik antri "nyerviske awak" lan golek usodo.
Bener yen antrian panggonan vaksin didewekno bedo karo aku kang antri kang ana poli umum .
Amung ojo gumun mesin antri kang wes layar sentuh kuwi pancen mupangati kabeh wong gari mejet banjur nomer antrean saiki luwih gampang meneh njur gari di duduhno petugase langsung iso nunggu panggilan periksa ing puskesmas kene.
Pancen wektu mbultekake amung no antri otomatis mou pancen tujuanne apik ananging embuh iseh ana wong kang senenge dalan pintas, nyrambul, antrian alesane werna-werna lan koyone umum neng saiki dianggep wae wong ora umum bener anane.
Aku wes manut nomer antrianku wes gede no 19 ananging wektu aku kapanggil sakngarapku langsung nyrombol wae, yo piye maneh "pengen cepet kaprikso lan mari sakwise ngombe obat"
Pantes yen akeh wong ciloko ing perlintasan kereta api okeh wong kang pengene golek dalan pintas.
Ora gelem rekoso antri kuwi iseh koyo budoyo elek kang kudu di uwusi sakjane lho!