Lihat ke Halaman Asli

Sayyid Jumianto

Menjadi orang biasa yang menulis

Pupus

Diperbarui: 26 Juni 2021   17:05

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Dok.pri cerkak cerbungku

Pupus

Sayyid jumianto

Sore iki malem minggu Lastri oleh WA soko kancane. Kanca golek upo "las engko sido ana tanggapan" Lastri njawab "ok mbake, ojo lali aku dipetuk nggo grobagmu yo jeng?" Jawabe kancane mantep "ceto to sayangku". 

Piye maneh isone amung nyanyi ora iso penggawean liyo, yen awan kerjo dadi sales ing dealer motor cerak omahe, dasar ayu, gapyak malah adoh soko wong tuwo maneh, pamite karo wong tuwo kanggo"mbahagiake wong tuwo" ,sakwise lulus SMA banjur mlayu nemg Jogja kene. Piye maneh lha sekolahane wae sekolah menengah seni rupa. Ambyure opo maneh yen ora dadi artis.

Sakjane bopo biyunge abot yen Lastri mboro neng Jogja  kang adoh soko omah. "Piye maneh ngko amung nyanyi neng ngarep kursi ora ana prasmanan opo maneh piring terbang "WA ne mba Puri kang ugo 'manejer organ tunggal puri orkresta ngandani kahanan sakbenere. Piye meneh saiki iseh ana ancaman korona opo maneh tlatah Jogja kene lagi akeh-akehe sik keno virus iki.

"Yo siap mba, iki aku wes nggowo masker sak box lan handsaniter sak drigen" mba puri amung mbakes nguyu. Lastri ora tau sedih kayane amergo nyanyi, nembang campur sari ngono wes koyo ndarah daging wae. 

Mbiyen mbokne biduan kroncong lan bapake pengendang campur sari ing desane urip tentrem ing ndeso koyone nitis ing darahe Lastri nganti saiki. Bener tetep ngutamake protokol kesehatan lan kudu nerapke 5 M ben ora dibubarno karo aparat kang kawogan bener anane. 

Mobile mba pur karo bojone wes neng ngarep omahe lastri " iki bojoku amung karo aku lan kowe tanggapane, sastro kendang wes ndono ndisiki awake dhewe" Lastri "nggih mba siap mba"

Tekan panggonan resepsi wong nglumpuk amung sedulur lanang lan sedulur temantem wedok. 

Tamu sik ndelok jogo jarak aman, pengisi acara lewat mburi lan resepsi wes arep dimulai
"Acara saklajengipum monggo tamu uluk salam lan langsung ambil nasi bok, kanti hiburan organ tunggal Puri "
Lastri maju lsn nyanyi ",tatas' kang dipopulerke Happy asmara lagu kuwi lagi wae intro Lastri ora kuwowo nglanjutke nyanyine  mbasan weruh sopo manten lanange"mas kowe kebangeten" ..




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline