Lihat ke Halaman Asli

Sayyid Jumianto

Menjadi orang biasa yang menulis

Layatan

Diperbarui: 26 Mei 2021   21:02

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

Layatan

Sayyid jumianto

Akeh wong sik ora nyono ora ngiro bab kahanan dino iki. Kabeh toa masjid mbiwaraake kabar lelayu. 

Mou esuk yu poniyem, sore iki yu legiyem, lan magrib iki lik wagini. Ora bab dino iki ngepasi grahono mbulan blood moon kang anane amung 159 tahunan sepisan ning iki bab takdire Gusti Allah swt kang nduweni takdir maramg saksopoo sik nduwe napas lan nyowo mesti bakal mati.

"Sik ora ana jam sewelas mou sesuk jam songo le nyareke, iki durung wae entek kringetku ngeduk kuburan iki" kandane pak dhe paino karo pak dukuh. "Pangapuronen pak dhe tambah loro sik ora ana saiki" kandane pak dukuh.

Piye rasane sedino adus kringet yo ora amung dhewe gawe lowahan iki ning wong telu baune rosone koyo arep potol ngerteni yen legiyem kuwi iseh sedulure pernahe sepupune. Angles rasane balung lan otote kabeh koyo dilolosi.

Ora koyo neng kuto neng ndeso iku iseh kebak sanepan iseh ana tanda yen arep ana wong ora ana koyo manuk kolik, manuk bence opo manuk guwek iso nggo tondo ning saiki wes kasilep kabar soko media sosial koyo wa, Fb,  lan sak panunggalangane.

 "Ngko sik ngubur lik legiyem soko satgas covid awake dhewe sik nggawe lowahan wae" kandane tumijo marang pak dhe paino.

"yen sik loro awake dhewe lik" kandane maneh. Pakdhe paino amung meneng nyerot tingwene karo nyruput kopi wengi iki.

Layatan kok bareng-bareng ora nyono gusti allah paringi rejeki marang kuli gali kubur ning yo kok iso sedino ana wong layatan kok telung nggon sakdeso maneh lan kabeh iseh seduluran maneh.

#inspirasi kisah nyata

Halaman Selanjutnya


BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline