Lihat ke Halaman Asli

Ana sing Takon, Gedhong Gedhe Kae Isine Apa?

Diperbarui: 19 Juli 2015   09:44

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Fiksiana. Sumber ilustrasi: PEXELS/Dzenina Lukac

(In memoriam: Cinok Ayu Wardhani, wanita nyentrik dari pelosok, yang pernah menjadi teman terbaik di dunia maya… *Dengan cinta sebagai murid).

ing dalan iki akeh lambe. wiwit sopir andhongan cilik nganti tekan sing arane kernet makelar uga calo karcis. lambe-lambe pating brengok, kala mangsane ngguyu lakak-lakak, sopir andhongan gedhe bis-bis ing terminal akeh lambe. lambe-lambe kang teles ing lamis, lambe-lambe garing kang mekingking aking ya kakehan lambe. pancen lambe dununge adoh karo ati. ing dalan bantere lambe uber-uberan karo bantere mesin.

lambe gandheng ceneng karo ilat tanpa balung
lemes dhemes kewes

ing layar sorot ya akeh lambe, cekekal gemregah lambene, maido, ngece, ngiwi-iwi kakehan komentar. pancen bangsa bangsane lambe, kakehan komentar kakehan omong kakehan lambe.
bangsa iki apa bangsa lambe
pinter umuk
pinter ngremuk
panggonan bebeber mung saka julige lambe

saben-saben ana luh panandhang
saben-saben ana sing tiba glangsaran
ketula-tula ya merga saka lambe
bangsaku bangsa lambe
saben-saben uwal saka pesthine hukum
bisa nglencer rana-rana
bisa kungkum madu ing kunjara ya merga saka lambe
bangsaku bangsa lambe

ana sing takon, gedhong gedhe kae isine apa?
ya mesthi gedhong gedhe magrong-magrong iku isine lambe
lambene seminar
lambene politikus
lambene tukang apus-apus
lambe kang kena kanggo nggerus kana numpuk kene
yen kandha kanggo ngurus lan ngentas wong mlarat
wis cetha unine lambe
nanging cetha sing mlarat iku kowe mlarat ing rasa

dudu lambe kang satumang kari samerang

ana sing takon mobil mewah iku isine apa?
ya mesthi mobil mewah kinyis-kinyis
lan laku kleser-kleser iku isine lambe,
lambe-lambe ndomble
lambene wong dasian
lambene tukang ngemplang pajek
lambene wong sing mentingne kroni
lambene wong sing ngekepi anak bojo lan krandhahane
lambene kang mawa gincu
lambene tukang korupsi
lambene wong awu-awu
dudu lambene sarpan tukang ngemis sing mung
mas nyuwun paring-paring sawontene
kadhung, pancen wis kadhung, bangsa iki bangsa lambe
ana sing takon isine buku kuwi apa?
isine bundhelan lambe
lambene kae!!!! lambene kae!!!! lambene kae…!!!!
bebener sing ana ya mung lambe kang dibundheli

mula anane ya worsuh durjana lan kadurjanan
ah, iya ta?
cluluke
ethok-ethok apa pancen gak weruh apa ya?
pancen bangsa lambe
genah bangsa lambe

umobe kawah merapi
banjire bandhang ing kana-kana
mletik latu sanemplik
mobal geni kang gedhi
tekane tsunami ora liya kabeh saka lambe
dudu lambene mbok dhe nah sing bisane mung:
le saka endi, sing ati-ati, sing rukun karo kanca,
aja pek pinek duweke liyan, urip iki mung mampir
ngombe, ora suwe le

karo jumangkah menyang langgar ana sing takon
sapa sing adzan kae?
wangsulanku: si supri kuli pasar
yoko kasudro

Halaman Selanjutnya


BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline