Lihat ke Halaman Asli

Kebaya

Diperbarui: 27 Mei 2024   21:09

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Ilmu Sosbud dan Agama. Sumber ilustrasi: PEXELS

Kebaya yaiku sandhangan perangan dhuwur digawe saka kain tipis kayata brokat, katun, kasa, renda utawa voile, lan kadhang kala dihiasi nganggo dondoman.Ing ngarep dipasang benik, pin utawa bros.Dene perangan ngisor sandhangan iki lumrahe diarani tapih, utawa jarik yaiku kain sing diblebet ing bangkekan kang jinise bisa wujud jarik bathik, kain songket utawa sarung.

Andi Achdian, salah siji sejarawan ngandharake Kebaya muncul ing abad kaping 16 M merga anane akulturasi budaya sing digawa dening peranakan Cina utawa keturunan Cina menyang Nusantara.Miturute Andi kebaya kacipta saka anane gerakan migrasi wanita Tionghoa nyebar menyang macem-macem wilayah ing Asia Tenggara lan Nusantara.Nalika abad kaping 15 lan 16 M, Asia Kidul-Wtan minangka wilayah sing sesambungan.Anane perdagangan maritim kang dumadi ing dhaerah iki nyebabake kontak budaya antarane pertukaran budaya.

Kebaya Jawa kaperang dadi 2 yaiku Kebaya Solo lan Kebaya Yogyakarta. Dene kebaya iku uga ana kebaya jenis tradhisional lan modern. Kebaya Solo lan Kebaya Yogyakarta nduweni ciri kang dadi pambeda yaiku ing bagean kerah. Ing Kebaya Solo nduweni kerah kotak (kutu baru) dene kebaya Yogyakarta nduweni kerah bentuk V. Kebaya tradhisional inggih punika kebaya kang nduweni model klasik utawa durung ana modhifikasi lan nduweni kesan sederhana. Dene Kebaya Modern inggih punika kebaya kang wis ngaalami perkembangan jaman saiki lan nduweni model maneka warna.




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline