Lihat ke Halaman Asli

“Internet Lan Kawula Mudha Gegayutan Kaliyan Budaya Jawa”

Diperbarui: 23 Juni 2015   22:50

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Sosbud. Sumber ilustrasi: KOMPAS.com/Pesona Indonesia



Jaman modern punika jaman kemajengan teknologi. Sedaya kegiatan saged kula lan panjenengan lampahi kanthi cepet lan sae. Jaman modern uga merbawani kaliyan teknologi informasi lan komunikasi ingkang saged dipungadahi kanthi cepet. Salah satunggaling teknologi informasi punika “Internet”. Internet ugi wonten gegayutanipun kaliyan budaya Jawa. Amargi Internet saged dados media kangge nglestantunaken budaya Jawa lewat “dunia maya” utawi situs-situs internet.

Internet punika teknologi informasi ingkang canggih. Kathah ilmu-ilmu ingkang saged dipunpendhet saking internet. Sedaya kedah saged nyikapi teknologi canggih punika kanthi wicaksana. Saengga saged nggadahi paedah kagem kawula mudha lan ugi budaya jawa.

Paedahipun internet kagem kawula mudha punika kathah sanget. Salah satunggaling inggih punika saged angsal informasi ingkang dipunbetahaken kanthi cepet lan jangkep. Kawula mudha ugi saged mendhet informasi ingkang gegayutan kaliyan budaya jawa. Contonipun bab wayang, bab tari tradisional lan bab upacara adat. Internet saged jembaraken wawasan utawi pangertosan kawula mudha bab budaya jawa.

Internet sampun dipunterapaken kawula mudha ing masarakat. Kathah kawula mudha ingkang sampun nerapaken internet kanthi sae. Nanging ugi wonten kawula mudha nerapaken internet kanthi klentu. Contonipun mendhet situs-situs “porno”. Situs-situs sakmenika saged ngrusak moral kawula mudha. Kawula mudha ingkang nerapaken internet kanthi sae saged nglestantunaken kabudayan jawa saking media internet.

Internet punika gadah paedah kagem kawula mudha. Paedahipun inggih punika kawula mudha saged nggadahi informasi kanthi cepet lan jangkep. Keawonanipun inggih punika kawula mudha dados keset lan saged ngrusak moral menawi salah anggenipun ngginakaken internet. Kawula mudha kedah saged nguwasani internet boten malah dipunkuwasani kaliyan internet. Pramila, kula lan panjenengan kedah saged ngginakaken internet kanthi wicaksana.




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline