Lihat ke Halaman Asli

Sri Wintala Achmad

TERVERIFIKASI

Biografi Sri Wintala Achmad

Cerpen | "Coblosan ing Jaman Kenthir"

Diperbarui: 10 April 2018   08:09

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

merahputih.com

SRENGENGE ing wektu awan kuwi rinasa kaya mawa bathok kang ngobong mbun-mbunan sirah. Panase srengene tansaya ngedap-edapi, rikala bocah-bocah nom-noman kang manganggo kaos sarwa abang lan ginambar potrete Gapur -- salah sawijine calon kades ing kalurahan Wukirsari -- kuwi gembor-gemborke motore. Mecaki dalan ing pinggir lan sajrone kampung-kampung. 

Mangerteni anane kampanyekeliling kang dilakoni dening bocah-bocah nom-noman kuwi, akeh wong kampung Jeruklegi padha metu saka omahe. Wong-wong kang banjur padha ngadeg jejentrekan sakiwa-tengene pinggiran dalan kuwi ngacung-ngacungake driji panunggule. Sinambi lambene padha ngucapake yel-yel kaya kang diucapke dening bocah-bocah nom-noman kuwi. "Hidup, nomer satu! Pilih Kang Gapur, hidupnya maju. Hidup, Kang Gapur! Pilih Kang Gapur, hidupnya makmur!"

prabualiairlangga.blogspot.com

Sawuse kampanyekelilingora katon ing pandulu, wong-wong Jeruklegi kuwi padha ninggalke pinggiran dalan. Sawetara Supana kang ora kegut marang kampaye keliling kuwi mung lungguhan dhewe sadhuwure gethek sangisore wit sawo. Eseme getir rikala nyawang wong-wong kang padha bali saka nonton kampanye keliling. Wong-wong kang nyengkuyung Gapur dadi kades, sawuse antuk dumduman dhuwit seket ewu saka botohe.

Deleng Supana lagi lungguhan dhewe, Tarmin kang isih kepener tangga cedhak kuwi lumaku tumuju gethek. Lungguh sadhuwure gethek sakiwane Supana. "Lho, Kang Pana kok ora melu nonton kampanye? Wingi Lik Barjo botohe Kang Gapur teka neng omahmu to? Mosok wus entuk-entukan, ora melu nyengkuyung anggone Kang Gapur kepengin dadi kades?"

"Aja waton ngoceh, Min!" Praupane Supana kaya piring tembaga kang kabakar urupe geni. "Aku iki uwong kang isih duwe prinsip. Senajan aku kesrakat pitulikur, nanging nuraniku ora bisa dituku. Luwih becik golput tinimbang nyoblos gambare Gapur."

"Aja ngono, Kang! Golput kuwi dadi larangane negara." Tarmin sajak mendelik. "Apa Kang Pana wus duwe jago liya?"

"Kuwi dudu urusanmu!" Praupane Supana tansaya abang branang. "Tur ya ngapa, kowe dadak ngurusi wong liya? Kaya intel wae."

Krungu pangucape Supana kang pungkasan, Tarmin kang yuswane durung ana rongpuluh tahunan kuwi, getih mudhane kaya banyu kang umep sadhuwure kompor gas. Tanpa bisa dikendhaleni meneh, kepelan tangan tengene Tarmin kapunjungake neng pilingane Supana. Plek. Sanalika Supana tiba saka gethek. Glangsaran neng lemah. Tan eling purwa lan duksina.

***

TUMEKANE wektu coblosan, wong-wong kampung Jeruklegi wus padha ninggalake omahe bakda srengenge mlethek ing bang wetan. Tumuju TPS kang manggon neng daleme Kadus Dulkemit. Saperlu aweh swara marang salah sawijine jago calon kades ing kalurahan Wukirsari.

sumselupdate.com

Ora mung wong-wong Jeruklegi, Tarmin uga jejingkrakan. Rikala Gapur antuk swara sangangpuluh persen. Ngasorake jagone Supana kang mung antuk swara telung persen. Nanging senajan jagone kang mung bisa udhu katemenan kuwi kalah, Supana ora serik marang Tarmin. Wong kang tau milara marang dheweke. Amung batine Supana nggresah, "Jaman edan! Yen ora ngedan, ora keduman!"
Halaman Selanjutnya


BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline