Lihat ke Halaman Asli

Sri Wintala Achmad

TERVERIFIKASI

Biografi Sri Wintala Achmad

Geger Tayub

Diperbarui: 3 April 2018   21:21

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Dok. pribadi.

KAWIT tabuh pitu wengi, wong-wong Desa Pagerayu wus padha jejel riyel ing sakiwa-tengene panggung sangarep omahe Pak RT Jokasma. Lanang-wadon, tuwa-enom, gedhe-cilik, utawa lemu-kuru. Kejaba kuwi, bocah-bocah uga padha melu wong tuwane saperlu nonton pasugatan Tayub. Salah sawijine tontonan kang bisa milut kawigatene wong-wong Desa Pagerayu. Mligine wong-wong lanang kang mripate dadi ijo rikala ndeleng pawakan lencir-kuninge Ni Dredah. Kembang Tayub saka Desa Banjarsari.

Binarung keplakan ketipung lan rampak gamelan, salah sawijine sindhen ambuka pasugatan Tayub kanthi lelagon Kijing Miring: "Ayo mas, kijing miring, ayo mas, kijing miring. Kijing-kijing miring, kambil tuwa sisa bajing. Ayo mas iki piye, ayo mas iki piye. Blarak disampirke, omahe cerak ra ngampirke...."

galerisanggar.blogspot.co.id

Wong-wong kang lagi nonton pasugatan Tayub kuwi sanalika keplok pepinjalan, rikala Ni Dredah wus miwiti beksa kanthi seblakan-seblakan slendhang kuning gadhing ing sadhuwure panggung. Ora beda wong-wong lanang thukmis liyane; mripate Jalidu kang mlorok kaya mripate buta kuwi tansah ngematake obahe sirah, dhadha, lengen, lan bokonge Ni Dredah.

Tan mikir dawa, Jalidu kang lagi kasinungan raja brana kuwi banjur munggah panggung. Kanthi slendhang biru endhok kang kasampirake ing pundhake, Jalidu ngibing. Sawuse dheweke nlesepake dhuwit ing sawalike kemben cindhene Ni Dredah.

Mangerteni Jalidu kang nyeblak-nyeblake sampure ing dhadhane Ni Dredah, atine Jokasma kobong. Embuh apa kang jalari Jokasma kuwi banjur menyat saka kursine? Sawuse njupuk glathi ligan kang kasimpen sangisore kasur paturone, Jokasma munggah panggung. Nusukake glathi ligan ing dhadhane Jalidu kang wus ilang kaprayitnane. Jalidu ambruk. Rah nyembur saka dhadhane.

Ndeleng kahanan ing panggung, wong-wong kang nonton pasugatan Tayub padha bengok sora. Nanging ora gantalan wektu, wong-wong kuwi pada ora kumecap. Rikala Jalidu kang wus dadi layon diplayoke neng rumah sakit nganggo ambulance. Rikala Jokasma kaglandhang neng kantor polisi. Rikala krungu Ni Dredah kang mulih tanpa bayaran kuwi dirodapeksa lan dipateni dening begal telu satengahing bulak.

***

SRENGENGE gumlewang mangulon. Senajan wong-wong wus ninggalake kuburan sabadane layone Jalidu paripurna karukti, nanging isih ana wong lanang loro kang isih jejagongan ing bangsal sangarepe kuburan kuwi. Wong loro kuwi ora liya, Pradapa lan Ki Waskita.

"Sajatosipun kula menika gumun lho Ki," pangucape Pradapa, bocah nom-noman kang manggon sacedhake omahe Jalidu marang Ki Waskita. "Menapa sampun limrahipun, menawai wonten pasugatan Tayub mawi korban nyawa?"

"Menawa wus ngerti sejatine marang apa kang jalari matine Jalidu ing panggung Tayub mau bengi, kowe ora perlu gumun."

"Ki Waskita menika kados pundi ta? Punapa Ki Waskita boten pirsa, menawi ingkang mejahi Wak Jalidu, Pak RT Jokasma?"

Halaman Selanjutnya


BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline