Lihat ke Halaman Asli

Tabarrukan “Alburdah Syeikh Alkabir Bushoiry”

Diperbarui: 25 Juni 2015   00:26

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Filsafat. Sumber ilustrasi: PEXELS/Wirestock

Almaghfur-lah Mbah Bisyri Mustofa Rembang, wonten ing satunggal riwayat, dipun ceriyosaken mbok bilih panjenenganipun wekdal dalu sak sampunipun tahajjudan, sering loap-laup, positife munajat. Munajate ngeten:

Ya akromal kholqi ma li man aludzu bihi # siwaka ‘inda hululil haditsil ‘amimi

Wa lan yadliqo rasulallahi jahuka bi # idzal karimu tajalla bismi muntaqimi

Ingkang syarahipun kirang langkung ngeten:

Duh sak mulya-mulayen makhluq, mboten wonten ingkang saged kula ganduli kejawi mung panjenengan. Tatkalane mangke teka saat pancaroba, inggih yaumil qiyamah. Mosok namung kula nyesek-nyeseki panjenengan kanjeng rosul, mboten ah. Kedudukane njenengan ageng sanget koq. Kula kuatos mangke Dzat sing Maha Murah menampakkan diri kanthi asma Pembalas.

Menggah bait kala wohu, saged kita amati bilih Gusti Allah niki dina tasih maringi rohmat dateng kita sedaya, inggih kanthi sifat rohmanipun Allah. Koq umpami saat niki Allah ngetokke sifat membalas utawi sifat adilipun, ingkang artosipun adil punika sing bener ya diganjar, sing salah ya diukum. Kados pundi wong-wong ning alam dunya? Kados pundi tiyang-tiyang Indonesia. Salah sithik langsung kampleng, salah akeh jotos. Yen kita amati menawi rahi-rahine koruptor padha ora normal, saking akehe kamplenge Gusti Allah.

Saking punika, kita kedah syukur kanthi nambahi kaluwesaning ati ajrih dumateng Gusti Allah Ta’ala. Tapi koq kathah tiyang dha ra syukur, sombong banget.

Mbah Bisyri ingkang ketingal ke-Kyainipun, ke-Waliyanipun mboten pernah ngendelke ‘ibadahipun. Sikap tawadlu’e luar biasa. Mulane sing paling wuenak punika gandulan Rosulullah wae. Lha kuwi nek Rosulullah gelem sira wori, lha nek ora??? Sira arep ngapa???




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline