Mohon tunggu...
amelmirabai
amelmirabai Mohon Tunggu... Pelajar Sekolah - Pelajar

Hobi menonton drakor/film

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Lika-liku Suporteran

16 Agustus 2023   20:43 Diperbarui: 16 Agustus 2023   20:46 161
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

Dina Selasa siswa SMA Bina Mandiri arep melu kegiyatan supporter ing Gor Galaksi, kanggo nyemangati tim basket putra. Jam 07.00 WIB, Mira lan kanca sekelase lagi asik mbahas kegiyatan iki dan dheweke kabeh uga ngerembag ngenani kepriye keberangkatane. Dene Mira sangking tebih-tebih sampun berencana kanggo budhal bareng Nia ananging, Nia ora sido nggawa motor lan duwe rencana kanggo njupuk motor ing oamahe sadurunge budhal menyang Gor Galaksi. Nanging Putra salah siji panitia supporter ngomong menawa ora diolehake kanggo mulih dhisik, kabeh siswa kudu langsung budhal menyang Gor. Ora suwe banjur Lino mlebu ing njero kelas lan Dila nduwe ide supaya Mira budhal bareng Lino, uga ngancani dheweke sing budhal bareng Putra. Dene Nia budhal bareng Cici. Akhire, kabeh wis aman lan dheweke kabeh wis siap kanggo budhal mengko sore. 

Kringg.....kring...kringg suara bel sekolah, pertandha kegiyatan pasinaon dina iki wis rampung. Kabeh siswa bergegas kanggo ganti klambi lan budhal menyang lapangan sekolah. Ing lapangan kabeh siswa kumpul kanggomirengake arahan saking ketua panitia lan perwakilan kesiswaan, kekait menapa mawon ingkang kepareng lan mboten kepareng dipuntindakake. Sawise menehi arahan, kabeh siswa bubar lan age-age budhal menyang Gor Galaksi, kelebu kanca-kanca Mira. Kaengah Mira lan Dila sing ngenteni Lino lan Putra sing lagi sweeping nang kelas-kelas. Saka kadohan katon 2 wong lanang sing teko nekani Mira lan Dila, bener iku Lino lam Putra sing teko karo kesusu. 

Papat bocah enom iki tumuju menyang parkiran, wonten ngrika sampun sepi lan mung kaengah pirang-pirang motor gadhanipun panitia. BRUGH krungu kaya suara wong tiba, iku Mira sing tiba saka motore Lino amarga keserimpet rok dheweke. Piutra lan Dila sing ana sebelahe uga kaget, lan putra langsung miringno motore ben ora ngenani awake Mira. Lino uga mudun saka motore lan mitulungi Mira kanggo ngadeg. Karo nahan rasa lara sing ora sepira dibandingake rasa isine, Mira langsung munggah motor lan budhal menyang gor. 

Ing perjalanan Mira lan Dila kepisah amarga dalane sing macet. Sesampaine ing gor, ing ngarep ana tulisan "parkiran kebek". Mira lan Lino sing bingung uga nggoleki parkiran paling cedhak amarga parkiran sing diprayokake dening kancane cukup adoh lan Mira ngerasa sikile isih lara. Banjur dheweke nemu parkiran ing mburine pom bensin lan dheweke langsung mlebu menyang Gor Galaksi. 

Ing jero Gor Galaksi rame banget amarga dina iki, dina pembukaan perlombaan. Selama pertandingan kabeh penonton lan supporter sengkuyung banget, ora kejaba sadayaning siswa SMA Bina Mandiri. Tentu mawon sengkuyung sing membara lan teriakan dheweke kabeh ora sia-sia, SMA Bina Mandiri menangake pertandingan. Tentu hal iki nggawa rasa seneng kanggo kabeh warga sekolah. 

Sawise rampung pertandingan kabeh siswa metu saka gor lan istirahat sedhela ing sawatara gor, banjur dheweke kabeh balik lagi menyang sekolah kanggo njupuk tas lan mulih. Sawetara Mira lan Dila ngenteni Lino lan Putra sing lagi beberes peralatan, sawise rampung kabeh dheweke balik menyang sekolah. Ing parkiran Lino madosi motore, Mira ngomong menawa nemu motore Lino iku hal sing gampang amarga ana helm warba pink milike. Nanging ana hal sing marani Mira bingung lan kedangdapan. Helm, helm Mira ora ono ing spion motore Lino. Mira sing kedangdapan lan nggoleki helm ing sawatara semak-semak nanging ora ketemu. Lino uga nakokake marang tukang parker, nanging dheweke kabeh ora ono sing ngerti. Sawise pirang-pirang menit madosi helm, Mira ora nemu helme lan tukang parker ing kono uga ora ngrasa ketemu dheweke waktu teka. Mira mikir yen tukang parker sing kapisan iku wong sing melu-melu wae utawa helme digawa karo arek liya. Amarga dheweke parker ing papan sing salah. 

Ing perjalanan menyang sekolah 2 arek iki wis kesel banget. Saengga Mira ngarahake dalan sing keliru marang Lino, nanging dheweke akhire ketemu dalang sing bener maneh. Wonten tengah perjalanan Lino iseng, dheweke sengaja ngeliwati dalan sing luwih adoh. Lan nyebabake dheweke kabeh tekan sekolah jam 20.00 WIB. 

Sesampaine ing sekolah Mira ngucapake matur nuwun marang Lino banjur Mira mlebu menyang kelase. Ing kelas isih akeh kanca-kancane, ing kana dheweke kabeh nakokake menapa Mira suwe banget lan Mira uga nyritakake sakabehe. Sawise crita kabeh kanca-kancane ngguyu, heran, lan prihatin karo kedadeyan iku. Putra uga heran jarak sekolah menyang Gor Galaksi cedhak nanging arek loro iki bisa kesasar. Sawise iku Nia nyoba nenangake Mira lan ngomong paling dijupuk utawa kegawa karo sawijining didwa SMA Bina Mandiri. Banjur Mira uga nyuwun tulung marang Putra kanggo nakokake menyang panitia apa ana helm keri utawa diampil. 

Dina wis bengi, siji per siji saka dheweke kabeh wiwit mulih. Mira sing mari istirahat sedhela nerima telfon saka wong tuwa sing arep nyusul. Kalih rai sing nahan nesu lan kesel, Mira mulih menyang omahe lan berusaha ngikhlasake sanandyan isih tetep ngarepake helme bisa ketemu maneh. 

Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun