Mohon tunggu...
Amara Pratista
Amara Pratista Mohon Tunggu... Lainnya - SMAN 3 Malang

Hobi berkegiatan dan banyak bergerak dibidang kesehatan, serta suka bermain musik khususnya piano

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Panitia 17 Agustus

19 Agustus 2023   21:22 Diperbarui: 19 Agustus 2023   21:53 272
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

Ngerayakake kemerdekaan Indonesia ke 78, warga Greenwood ngerancangake kegiatan kanggo kabeh warga. Kegiatan rutin warga taun ke taun biasane ngerayakake karo barikan, lomba-lomba, lan syukuran. Taun iki, panitia 17 Agustus yaiku anak-anak Greenwood sing wis remaja SMP lan SMA. Aku lan kanca-kanca omahku, akhire dadi panitia sing kudu ngerancang lan ngelaksanake acara 17 Agustus. Tanggal 30 Juli wingi, akhire dikumpulake kabeh panitia kanggo ngerembukake acara iki.

Ing pertemuan kesiji iki, awake ngerembukake tanggal lan lomba-lomba sing arep diadakno. "Rek awmu iso tanggal kapan ae rek?" jare Mas Vegan. " aku gaiso ndek tanggal akhir agustus mas, onok lomba" tak bales. "lek seng lain yaapa rek?" mas vegan takok. "aku yo gaiso mas tanggal 19-20, onok keluar kota". "ya wes yaapa lek tanggal 12-13 lomba-lomba? karo tanggal 16-17 barikan lan bagi-bagi hadiah kayak biasane?". "setujuu mas" kabeh njawab setuju, akhire diputusake tanggal 12-13 lan tanggal 16-17 Agustus. Sawise mbahas tanggal, saiki waktune mbahas macam-macam lomba. Lomba agustusan ing Greenwood iku selalu dibagi dadi 5 kategori yaiku lomba TK, SD, Remaja, Bapak utawa Ibu, lan Keluarga. 

          

Taun iki, arek TK lan SD jumlahe akeh, kayak taunku mbiyen pas taun 2016, dadi awake kudu nggae lomba sing seru lan nyenengake bocah-bocah kuwi. "Apa ya lombane gae arek TK". "Mbawa kelereng ae lo lucu, sing dicekel sendoke". "oiyooo lucu iku lucu". akhir e lomba kelereng dicatet, "Terus opo maneh? makan pudding kayak taun lalu iku yo enak". "oiyo iyoo enak iku". akhire kecatet 2 lomba, "opo maneh yo, mosok mek 2 rek". "yaapa lek lomba make up". "lo lucu lucu, isok iku make up i ibu e". "iyoo lucu lucuu gaiso mbayangno aku pas nggawe pensil alis, pasti pada ngguyu kekel". "iyo, catet wis catet". Akhir e lomba TK wes sampek 3 macem

Tekan awan jam 2 nganti maghrib, akhir e tanggal lan macem- macem lomba wis kebentuk sampai onok 5 kategori lomba. Akhire panitia njajan lan mangan bakso sadurunge mulih nang omah masing-masing. Sawise mangan, awake guyon-guyon sik cek semangat kanggo ngelaksanake Agustusan kedepan e. Amarga wis bengi, akhire pada mulih kabeh kanggo ngerjaken tugas lan siap-siap gawe sekolah sesok.

 Tanggal 6 Agustus, aku, Mas Vegan, karo Mbak Am tuku alat-alat gae perlengkapan lomba. Alat sing dibutuhake kanggo acara iku akeh lan macem-macem, dadi awake kudu muter-muter nang bedo-bedo tempat kanggo nggoleki barang e. Sawise tekan ing 5 tempat, awake ngisi tenaga karo mangan sego sambet babat, rasae enak banget nganti awake kewareken. Sak marine mangan, awake tuku sisa-sisa perlengkapan sing gurung ketuku ing tempat-tempat sebelum e. Nganti akhir e, perlengkapan kanggo acara wis lengkap, awake langsung mulih menyang omah.

Tanggal 12 Agustus akhir e tekan, awake langsung siap-siap kanggo ngelaksanaake lomba TK lan SD. Adik-adik sing teko akeh banget, dadi acara e ruame lan seru. Bocah-bocah pada seneng banget soale iso main karo entuk hadiah. Nganti akhir e, ana lomba sing gaiso dilaksanaake ing tanggal 12 amarga keburu maghrib, dadi lomba siji iku dipindah nang tanggal 13 Agustus. 

       

Tanggal 13 Agustus sesok e, awake langsung nyiapno kanggo lomba SD, keluarga, bapak/ibu, lan remaja. Acarane dadi suwi soale rangkaian e luwih akeh ing tanggal 13 Agustus iki. Dadi acarane dimulai wis tekan jam 11 nganti 5 sore. Nganti akhir e mulai maghrib, awake langsung resik-resik tempat lan mangan bareng karo istirahat.

Tanggal 16 Agustus bengi sak durunge hari kemerdekaan, awake tumpengan karo warga kanggo ngewujudake rasa syukur 78 tahun Indonesia isok merdeka. Acara barikan iki diisi karo games, nyanyi bareng, mangan bareng, pokoke isine seru-seruan kabeh warga Greenwood. Acarane dimulai tekan jam 7 bengi nganti jam 10. Amarga sesok akeh sing kudu upacara, dadi sawise acara, awake langsung resik-resik lan mulih kanggo istirahat

Tanggal 17 Agustus isuk, awake kabeh pada sibuk upacara ing sekolah masing-masing. Agenda akhir 17 agustusan iki, awake ana pawai lan bagi-bagi hadiah, tapi dimulai tekan jam 2 siang nganti jam 5 sore. Dadi sak marine upacara, awake anak waktu gawe istirahat lan siap-siap kanggo pawai. Pas awake siap-siap ing pos tempat pawai, wis akeh adik-adik sing teko karo seragam e. Ana sing dadi pilot, polisi, elsa, barongsai, lucu-lucu banget. Akhir e pawai dimulai lan dilanjut karo bagi-bagi hadiah kanggo adik-adik sing wes menang ing lomba tanggal 12-13 Agustus.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun