Sawah (02) Kenangan mangsa cilik
Sawah jembar seger  hawane opo maneh yen bar udan, kadang tani isuk-isuk wes ngolah lemah. Ana kang macul, danger lan ugo reresik sawah kang arep ditanduri sik cocok ing mangsa rendheng iki yaiku pari.
Kahanan padesan  koyo ngene iki wes langka ing Jawa ning isih iso dipertahanke ing desaku kene. Isih kelingan naliko pada dolan ing sawah mlayu ngalor ngidul golek walang ugo welit beberangan.
Alam kang di upakara dadi kancane wong kabeh yen karusak bakal kena dewe ngko yen ora iso njogo kahanan koyo ngene iki sebabesawah ing mbulak kene tetep kajaga kanggo uripe bapa biyung kang kabeh mati uripe soko sawah wulu wetune.
"Ijoning sawah lan tegalan iki kudu kapertahana soko opo wae akeh wong kang ora ngerti perjuangane simbah-simbah buyut amung kabeh melu ambyuke kahanan kang saiki akeh anak putu ora gelem ngulo wentah meneh opo maneh ngupakara deloken wae saiki sing ana sawah amung ana wong-wong tuwo lan sepuh" gunem bapak.
Aku ora iso njawab ning kahanan pancen ngene anane akeh wong seneng karier ing kuto lan lali ngupakara sawah bener anane amerga kabeh wes kaitung nganggo duit lan duit. Opo maneh ing mangsa saiki amarga Hp kabeh cah nom ketungkul lan lali ngewangi bapa biyunge ngupakara sawah lan kebone.
Kebo sapi pancen wis kaganti traktor tangan lan kebo sapi saiki  pada di kandangake ing kandang dadi siji ing kelompok tani ning iki sakjane dudu solusi sik bener yen to iso kudune kebo lan sapi iso diumbar ing sawah lan pategalan ben soyo subur  keno tlethong sapi lan akebo mou lan iki iso kanggo ngurangi pupuk gawean pabrik.
Wes kebacut saiki traktor nganti sapi lan kebo kanggo ngluku  sawah lan iki bedo kahanan wektu aku silik semana simbah isih nggunakake sapi lan kebo kanggo nggaru sawah lan iku kenangan kang gawe sengsem atiku nganti saiki.
Dino akhir taun sing wis cepak wengi ing sasi Desember pungkasan akeh kang wis dadi kenangan susah, seneng, lara, ora usah di eling-eling maneh.
Ijone sawah isih bukak kang wis kelakon sunare bagaskara dadi seksi rasa tresna, ota seneng lan rasa sing ora isp tak tulis akerga akeh wis lali rasane.