Mohon tunggu...
Adinda Putri Salsabila
Adinda Putri Salsabila Mohon Tunggu... Pelajar Sekolah - Pelajar

hobi membaca

Selanjutnya

Tutup

Ilmu Sosbud

Tradisi Sadranan: Tradisi Kanggo Nyambut Wulan Ramadhan ing Boyolali, Jawa Tengah

22 Mei 2024   20:41 Diperbarui: 22 Mei 2024   20:52 64
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Ilmu Sosbud dan Agama. Sumber ilustrasi: PEXELS

Sadranan yaiku salah siji tradisi masyarakat Jawa. Istilah sadranan seko basa Sansekerta yaiku "Sraddha" sing artine keyakinan. Sadranan iki awujud rangkaian kegiyatan seko resik-resik makam leluhur nganti ngirim donga lan kenduren.Tradisi iki ene ing daerah-daerah Jawa, salah sijine Boyolali sing umume dianakake ing desa-desa.

Sadranan iki awujud kagiyatan setaun sapisan ing wulan Ruwah utawa wulan Sya'ban kanggo nyambut wulan ramadhan lan ngucapke rasa syukur sing dilakoni ing makam leluhur.

Pelaksanaan sadranan beda-beda tiap daerah. Umume diwiwiti resik-resik makam sedino sakdurunge acara sadranan. Banjur sesok esuke para warga moro ing makam nggowo tenong sing isine panganan aneka werna. Ing makam para warga donga kanggo leluhur bareng-bareng dilanjutake mangan-mangan lan jagongan. Acara terakhir yaiku kenduren, sing dilakoni ing dino bibar sadranan, ananging dinone bedo-bedo tiap daerah.

Sebagian daerah ing Boyolali biasane nganakake open house sakwise acara ing makam rampung. Open house iki yaiku acara nerima tamu ing omah kanggo nguatake silaturahmi. Tamu-tamu sing moro dicepaki aneka panganan kaya pas bodho. Biasane sedulur-sedulur lan kanca-kanca adoh sing moro. Salah siji daerah sing rame pas sadranan amarga ene open house yaiku Tumang. Ing daerah iki umume kerep macet pas sadranan amarga rame banget.

Sadranan kui tradisi turun temurun sing uga duweni tujuan apik sing kudu dilestariake supaya ora ilang ning jaman sing arep teko.

Mohon tunggu...

Lihat Konten Ilmu Sosbud Selengkapnya
Lihat Ilmu Sosbud Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun