Mohon tunggu...
Achor Mohammad
Achor Mohammad Mohon Tunggu... MT Bank Danamon -

Alumni IPB 47, Teknologi Industri Pertanian

Selanjutnya

Tutup

Humor

Variasi “Witing Tresna.....”

12 Mei 2014   00:09 Diperbarui: 23 Juni 2015   22:36 137
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Humor. Sumber ilustrasi: PEXELS/Gratisography

Tresno Jalaran saka Kulina iku wis ora jaman maneh lur, terlalu mainstream, terlalu luas, kurang spesifik!!! Iki lho sing lagi nge-trend saiki :

1.Witing Tresna Jalaran Curhat nggal Dino

Awale sih saka kanca curhat, opo wae dicurhatke, malah nggosip sisan. Curhate ki werna-werna, pas patah hati, pas lagi kasmaran. Suwe-suwe kok ono rasa “cocok”? Lha akhire malah naksir dheweke.

2.Witing Tresna Jalaran ditinggal Lungo

Iki pas banget nggo wong sing LDR utawa sing kepeksa pisah adoh. LDR ki ngenes toh? Mulane wani nglirak-nglirik ki sak wise ditinggal lungo pacare lur. Ati-ati wae sing saiki lagi LDR.

3.Witing Tresna Jalaran nge-PING nggal dino

Iki khusus pengguna BBM. Merga iseng, kanca2ne akeh sing di-PING, lha kok ternyata ono sing ngrespon terus. Dheweke nangkep yen iki biso wae dadi “kesempatan” nggo PDKT.

4.Witing Tresna Jalaran Ora Ana sing Liya

Iki luwih ngenes lur, bayangke wae? Pengen naksir tapi sing ditaksir ora bakal nanggepi, trus daripada ora nduwe sopo2 yo wis naksire karo wong sing pancen ono tanda-tanda mesti ditrimo. Biasane iki cocok nggo wong sing pesimis-realistis.

5.Witing Tresna Jalaran Weruh Wong Liya

Iki khusus sing wis nduwe gandengan lur. Awale sih janji arep setia, tapi sakwise weruh “wong liya” sing luwih apik, dadi wani nglanggar janjine dhewe. Yen pacarmu ngono, keplak wae lur.

6.Witing Tresna Jalaran Padu nggal Dino

Iki bisa wae disebut “benci jadi cinta”. Awale sih nggal dino padu, gelut, sok jaim, ngece, pokoke “sok ora akrab” lah, mbuh kuwi ning dunia nyata opo ning dunia maya. Trus akhire merga ono momen sing luar biasa, dadi naksir sithik-sithik.

7.Witing Tresna Jalaran saka Kode sing Cetho

Cetho=jelas. Ana kanca sing weneh kode marang awakmu tapi jelas, ora koyo PHP, dadine gawe mikir koyone lumayan juga yen ditaksir.

8.Witing Tresna Jalaran Ngendikane Wong Tuo

Kasus iki, wong tuo wis kenal karo kancamu. Trus secara officially utawa lewat kode, wong tuamu weneh ‘rekomendasi’ ben awakmu naksir dheweke. Iki sing jenenge main aman, naksir wong sing jelas direstui wong tuo.

Saiki, saka macem2 witing tresna mau, ndi sing durung pernah? Apa jangan2 wis pernah kabeh? Hahaha. Ojo digawe serius lur, dipikir karo ngising wae.

Mohon tunggu...

Lihat Konten Humor Selengkapnya
Lihat Humor Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun