Mohon tunggu...
Sri Wintala Achmad
Sri Wintala Achmad Mohon Tunggu... Penulis - Biografi Sri Wintala Achmad

SRI WINTALA ACHMAD menulis puisi, cerpen, novel, filsafat dan budaya Jawa, serta sejarah. Karya-karya sastranya dimuat di media masa lokal, nasional, Malaysia, dan Australia; serta diterbitkan dalam berbagai antologi di tingkat daerah dan nasional. Nama kesastrawannya dicatat dalam "Buku Pintar Sastra Indonesia", susunan Pamusuk Eneste (Penerbit Kompas, 2001) dan "Apa dan Siapa Penyair Indonesia" (Yayasan Hari Puisi Indonesia, 2017). Profil kesastrawanannya dicatat dalam buku: Ngelmu Iku Kelakone Kanthi Laku (Balai Bahasa Yogyakarta, 2016); Jajah Desa Milang Kori (Balai Bahasa Yogyakarta, 2017); Menepis Sunyi Menyibak Batas (Balai Bahasa Jawa Tengah, 2018). Sebagai koordinator divisi sastra, Dewan Kesenian Cilacap periode 2017-2019.

Selanjutnya

Tutup

Cerpen Pilihan

Cerpen | Dhanyang Wukirpralaya

15 April 2018   22:32 Diperbarui: 15 April 2018   22:45 1021
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
sumber gambar: emosianisme.net

ANGRERANGIN swarane sindhen kang selaras klawan wiramane bendhe, gong, peking, drum, lan kendhang batangan ambuka pasugatan seni jathilan ing plataran daleme Ki Lurah Sura Bangah. Sawuse para paraga tari jathilan putri kang cacah nenem kuwi lumebu ing kalangan pager pring wulung, sanalika para pamriksa samya surak bata rubuh. Mligine wong-wong lanang kang tansah cleguken menawa mriksani endahing pasuryan bocah-bocah prawan kang lagya mekar lir kembang ing taman.

Srengene gumlewang mangulon. Pasugatan seni jathilan babak sepisan sajroning adicara merti desa ing Kalurahan Wukirpralaya wus paripurna. Tumuli kasambung babak loro, telu, lan pungkasan. Ing babak pungkasan kuwi, wong-wong kang padha mriksani tansaya jejel-riyel tan bisa piniyak. Wong-wong sanalika kamitenggengen anggone nyawang paraga kethek putih, celeng, srenggala, lan macan kang lagya lumebu ing sajroning kalangan.

Srengenge kang angslup ing bang kulon mratandhani tumekaning wektu candhik ala. Sapirangan pamriksa wus padha mulih ing papane dhewe-dhewe. Sapirangan liyane isih mriksani kridhane paraga kethek putih kang ragane isih kapanjalman Dhanyang Wukirpralaya. Waspada marang tumekaning dhanyang kuwi, Kyai Badramaya cancut taliwanda. Sawuse ngucapake mantra sekti, pawang sepuh kuwi banjur nyebul bun-bunane paraga kethek putih kang durung eling ing purwa-duksina.

Kocapa wong-wong samya cingak marang kasunyatan kang banget gumunake. Kasunyatan menawa Dhanyang Wukirpralaya kang manjalma sajroning paraga kethek putih mung gumuyu latah-latah semu ngece. "Heh, Badramaya! Aja mung kowe. Senajan wong paling sekti ing Wukirpralaya ora bisa nundhung aku saka ragane wong iki. Amarga aku ora duwe ancas ala marang kowe lan wong-wong cilik Wukirpralaya kang uripe isih kasrimpung taline bebendu."

"Banjur apa ancas-tujuanmu manggon neng ragane paraga kethek putih?"

"Dhasar pawang pekok. Bukaken pangrungumu! Aku dak kandha."

"Kandhaa! Tak rungoke."

"Bagus!" Dhanyang Wukirpralaya manggut-manggut. "Badramaya, tansaha den eling-eling! Menawa Kalurahan Wukirpralaya kang wus dipepetri bakal bali mulya sawuse timbuling kethek putih. Pengadil marang wong kang duweni sipate celeng, srenggala, lan macan. Celeng, wong kang mung ngluru gebyaring donya tanpa eling marang kahanan ing sakiwa-tengene. Srenggala, wong kang seneng kerah mung saperlu darbeni bathang karubung singgat-betatung. Macan, wong kang tansah jejegake ukum rimba. Sapa kuwat menang. Sapa ringkih dadi bebanten."

Sawusa aweh pepeling marang Badramaya, Dhanyang Wukirpralaya oncat saka ragane paraga kethek putih. Badramaya banjur ambegan landhung, rikala paraga kethek putih wus bisa eling marang purwa duksina.

Ora watara suwe, swasana plataran daleme Ki Sura Bangah rinasa sepi kaya kuburan. Kyai Badramaya lan rombongan kesenian jathilane wus bali neng papane dhewe-dhewe. Wong-wong sing padha nonton wus ndhekok neng papan paturone dhewe-dhewe. Sawetara Ki Sura Bangah isih lungguh dhewekan ing pringgitan sinambi ngeling-eling apa kang diucapke Danyang Wukirpralaya marang Badramaya. Ngeling-eling tumindake rikala arep jago lan salawase dadi lurah.

Wektu ngancik lingsir wengi. Ki Sura Bangah kang isih klepas-klepus ngisep srutu kuwi sanalika njondhil saka papan palungguhane, rikala nyawang wewujudan kethek putih ing sangarepe. Dheweke kamigilan rikala kethek putih kang bedhanyang neng Kalurahan Wukirpralaya kuwi kandha, "Pangadilane Gusti wus tumeka. Amarga anggonmu dadi lurah migunake laku mitnah jago-jago liyane lan nuku swarane wong-wong cilik. Salawase dadi lurah, kowe mung bisane rebutan dhuwit korupsi karo punggawa-punggawa kalurahan liyane. Mula wektu iki, laku nistamu kuwi bakal nibakake paukuman kang abot marang kowe dhewe."

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun