Mohon tunggu...
Achmad Erwin Nur
Achmad Erwin Nur Mohon Tunggu... Pelajar Sekolah - Pelajar

Halo

Selanjutnya

Tutup

Ilmu Sosbud

Acara B - Market ing SMA Negeri 3 Malang

22 Agustus 2023   15:24 Diperbarui: 22 Agustus 2023   15:29 166
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Ilmu Sosbud dan Agama. Sumber ilustrasi: PEXELS

SMA Negeri 3 Malang utawa kang biasa diarani Bhawikarsu yaiku SMA kang dumunung ing tlatah tugu. SMA Negeri 3 Malang iku salah sijine sekolah kang misuwur ing kutha Malang. Ing SMA Negeri 3 Malang kathah acara kang dianakake saben tahun, salah satunggalipun yaiku B -- Market utawa Bhawikarsu Market.B -- Market isine stand dodolan panganan kang didol dening siswa kelas 11.

B -- Market 2023 kali nggunakake tema "Let's Walk Around and Find the Tastiest Treats". Tema taun iki pancen ora bisa dilalekake amarga tema iki nuduhake kenangan ing papan kasebut amarga keleresan kaliyan taun ajaran anyar iki siswa angkatan 25 nate misah kelas, tema iki nggawa kenangan sing nyenengake, yaiku papan ngempal sing biasane ditekani kanca kelas. Acara iki dilaksanakaken dina Jum'at 21 Juli 2023 ing lapangan SMA Negeri 3 Malang. Acara iki ketepakan kaliyan dina puncak MPLS 2023. Persiapan ditindakake wiwit H-1 sadurunge acara.

Acara iki dilaksanakake wiwit wektu istirahat utawa jam 10.40 WIB. B -- Market 2023 ngehadiraken 10 tema stand bazaar. Stand bazaar niku dodolan macem macem jinis panganan. Panganan sing didol yaiku burger, popcorn , Takoyaki, nugget, lan liya- liyane. Saliyane dodolan panganan, uga ana ombe - ombenan. Ombenan sing didol yaiku KoBo (kopi boba), lemonade, es teh, lan liya-liyane.

Acara iki nduweni kompetisi stand paling apik. Stand kang menang dipilih kanthi asil voting lan penilaian saka juri. Asil voting dipikolehi liwat voting dening warga sekolah, kanthi voting liwat papan sing kasedhiya. Saliyane stand saka kelas peserta lomba uga ana stand saka OSIS/PK sing nawarake lan nyebarake brosur kanggo promosi OSIS/PK marang sing arep mlebu OSIS/PK.

Acara iki nduweni manfaat yaiku saged nglatih sikap gotong royong antar siswa. Tuladhane yaiku para siswa gotong royong gawe panganan kanggo didol lan dekorasi stand supaya apik lan menarik kanggo dideleng. Manfaat kang sabanjure yaiku numwuhake sikap wirausaha. Tuladhane yaiku para siswa dodolan panganan lan ombenan.

Acara iki rampung sawise istirahat utawa jam 12.45. Acara menika lumapah kanthi apik lan lancar. Kabeh warga sekolah sing teka padha seneng. Sawise B -- Market siswa siswi kelas 10 lan panitia MPLS nerusake kegiatan MPLS ing Aula Tugu. Nalika Siswa siswi kelas 11 resik resik lan lan ngitungi dhuwit saka dodolan panganan lan ombenan.

Mohon tunggu...

Lihat Konten Ilmu Sosbud Selengkapnya
Lihat Ilmu Sosbud Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun