Mohon tunggu...
22_Maya Kamilah
22_Maya Kamilah Mohon Tunggu... Mahasiswa - mahasiswa

hobi melukis

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Dina Pahlawan

16 Agustus 2023   19:22 Diperbarui: 16 Agustus 2023   19:29 384
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

Micha lan Ari kang krungu iku kaget banget lan bingung kudu ngomong apa. Amarga ora ana pilihan liya, lanjut utawa batal, dheweke kabeh uga milih kanggo lanjut amarga wis kadung nyiapake. Micha njajal tetep tenang ben sakabehe bisa lumaku lancar. Kulina Ari kang ora sabaran malah nyalahke Micha amarga ora nyiapake naskah adoh-adoh dina. Micha ora nggubris amarga iku bakal mbuang-buang wektune. Dheweke milih age-age ngumpulake bocah-bocah teater kanggo ngaturi kabar kasebut. Ora butuh wektu suwe, dheweke kabeh wis padha kumpul ing Aula. 

Bocah-bocah teater kang krungu andharan Micha padha kaget, nanging dheweke kabeh malah nyemangati Micha lan janji arep nyuksesake penampilan iki. Krungu  bab iku, Ari ngrasa bersalah amarga wis nyalahke tanpa preduli perasaane Micha. Sawise iku, rong dina iki dheweke kabeh latihan keras banget. H-1 pertunjukan, Ari nukokake panganan marang Micha  kang dadi panjaluk pangapurane. Nanging sabenere dheweke ora tau bisa nesu marang Ari. Micha ngarep ari iso ngerti perasaane, nanging Micha yo ngerti yen Ari ngelakoni iki mung winates profesional wae.

          Teka wektune dina kang wis dinanti para bebrayan sekolah kanggo weruh penampilan drama dina pahlawan. Rencanane dheweke kabeh arep tampil ing lapangan. Mulane jam  6 esuk wis padha kumpul ing Aula kanggo persiapan. Micha kang duwe peran dadi tetuwa pelaksana lan penampil katon wis wira-wiri nyiyapake kabehe. 

Ari kang embuh entuk hidayah tekan endi dumadakan wae ngrewangi masangake properti kang arep dikenakake Micha amarga dheweke weruh Micha kangelan masangke dhewe. Micha ngupakara tenang wektu Ari ngadeg ing ngarepe kanggo ngrewangi masangke. Sawise kabeh siyap, dheweke kabeh uga lumaku menyang lapangan lan weruh para bebrayan sekolah wis antusias nyambut dheweke kabeh. Ing dina iku, penampilan lumaku lancar lan meriah banget. 

Dadi tetuwa pelaksana, Micha uga lega banget sawise ngrampungake adicara iki kang persiapane dietung cukup cekak. Pak Hasan nekani micha lan ngomong menawa bangga lan bungah banget weruh penampilan kasebut. Sawise adicara rampung, hubungane Micha lan Ari uga tumut rampung tanpa Ari ngerti kepriye perasaan Micha terhadape. Nanging Micha ngarep-arep sawise adicara iki, Ari dadi wong kang luwih sabaran maneh, ora gampang emosi, lan  dadi pemimpin kang apik ing kagiyatan liyane.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun