Mohon tunggu...
22_Maya Kamilah
22_Maya Kamilah Mohon Tunggu... Mahasiswa - mahasiswa

hobi melukis

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Dina Pahlawan

16 Agustus 2023   19:22 Diperbarui: 16 Agustus 2023   19:29 384
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

         Mengeti dina pahlawan wis dadi kuwajiban awake dhewe dadi generasi enom penerus bangsa iki. Saben taun, dina pahlawan arep dirayakan dening para warga sekolah. Ora terkecuali SMA Bima Sakti kang tumut sarta kanggo memeriahkan dina pahlawan.

       Ing taun iki, Micha dipilih dadi tetuwa pelaksana dina pahlawan amarga dheweke nduweni bakat ing bidang teater utawa dolanan peran. Ora mung iku wae, jiwa kepemimpinan kang apik lan prigel uga diduweni dening Micha saengga dheweke dipracaya Pak Hasan selaku kesiswaan SMA Bima Sakti kanggo nganakake pertunjukan drama ing dina pahlawan kasebut.

Micha ora dhewekan, dheweke direwangi dening panitya osis lan bocah-bocah teater SMA Bima Sakti. Salah sijine yaiku Ari. Ari kang dadi perwakilan osis nduweni sipat ora sabaran lan kudu sarwa cepet rampung. Ananging, Micha pengin ngelakoni alon-alon wae supaya nduwe kasil sing maksimal. Bab iki lah kang banjur nyebabake akeh pertingkaian bocah loro kuwi.

        Dina iku, Ari nekani Micha ing kelase kanggo nakokake kepriye konsep saka Dina Pahlawan kang arep ditampilake. Micha njawab menawa dheweke lan kanca-kanca teater wis merencakan nampilake drama 10 Nopember lan saiki wis proses nggawe naskah. Ari uga nyuwun Micha kanggo age-age ngrampungake naskahe jroning wayah kang cedhak. Micha mung ngiyakake panjalukan Ari tanpa protes. Sanadyan sabenere Micha pengin banget ngomong menawa nyusun naskah lan konsep pertunjukan ora segampang iku.

      Sesuk awan, Ari bali nekani Micha kanggo nakokake naskah. Nanging wektu iku, naskah durung uga rampung. Ari kang ora sabaran banget dumadak mbentak Micha ing ngareping klas, “Nggawe naskah wae suwe! Iki dadi tampil apa ora se?! Yen kesuwen mending ora usah sekalian.” Micha kang krungu bab iku kaget banget lan nahan angise ing ngarep kabehing wong. Isin, wedi, jengkel, sakabehe campur dadi siji. Karo sekuat tenaga Micha njajal ngandharake menawa dheweke lan bocah-bocah teater arep ngrampungake maksimal sesuk. 

Ari kang wis terlalu emosi milih ninggalake micha ing kelas. Kanca-kanca kelas kang weruh iku langsung nekani Micha lan ngukuhake. Micha uga ngrasa wis ora sanggup maneh menahan tangisane. Dheweke nangis sesenggukan.

       Wengi dinane, Micha lan kanca-kanca ngebut nggarap naskah lan konsep ben sesuk esuk bisa langsung diwenehake menyang Ari. Micha wis mbayangake naskah iki arep diuncalno menyang raine Ari amarga dheweke isih jengkel karo kedadeyan awan wau. 

Wayah uga liwat, sesuk e Micha wis ngenteni ing ngareping kelas e Ari. Sawise Ari njumbul, Micha ndadak ora iso ngomong amarga pesona ari kang nggawe Micha terpanah. Nanging dheweke ngupakara ngelingake dheweke lan age-age ndean menehake naskahe marang Ari. Ari  uga langsung nampa naskah iku lan takon kapan molai latihan. Micha kang ngerti Ari ora gelem nunda-nunda, dheweke uga njawab dina iki awake dhewe kabeh arep latihan, kalebu Ari kudu melu sarta jero drama kasebut. Micha ora nyangka menawa Ari jebul arep berpartisipasi jero pertunjukan iku tanpa penolakan. “Gusti, kok aku dadi deg-degan?” ucap Micha jroning ati.

        Wataraning jam 3 sore mulihe sekolah, ing Aula SMA Bima Sakti wis dikebaki arek-arek teater. Micha  uga katon sibuk ngatur properti kang arep dianggo. Banjur Ari teka lan langsung nekani Micha. Micha ngupakara nahan  salting wektu Ari takon apa perlu ana sing direwangi. Kahanan ing aula uga dadi cukup serius  amarga dheweke kabeh latihan nganti jam 6 sore. Sawise  rampung latihan, Micha  kelingan menawa dheweke wis janjian karo Pak Hasan  kanggo konsultasi terkait penampilan kang arep ditampilake. Nanging  wis ora ana wong maneh ing sekolah.

Micha kang katon kedangdapan iku nggawe Ari takon apa ana masalah. Sawise Ari krungu andharan Micha, Ari menehake solusi menawa sesuk dheweke berjanji arep ngancani Micha nemoni Pak Hasan mulihe sekolah. Micha ngupakara nahan perasaane kang bergejolak.

        Sesuai janji, wataraning jam 3 luwih bocah loro kuwi nemoni Pak Hasan ing ruwang guru. Pak Hasan katon sumelang. Pak Hasan ngandharake menawa pertunjukan iki ora bisa ditampilake tanggal 10 november amarga ana kagiyatan liya ing sekolah. Saengga dheweke kabeh kudu tampil ing tanggal 5 november kang artine  mung nduwe wayah latian lawase 2 dina. 

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun