Mohon tunggu...
Karina Isabella christie
Karina Isabella christie Mohon Tunggu... Pelajar Sekolah - Pelajar sekolah

Hobi main game

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Tresnaku ing SMA

21 Agustus 2023   18:24 Diperbarui: 21 Agustus 2023   18:27 161
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

Ing isor sinaring srengenge kang terik krungu swara teriakan saka tengahing lapangan yaiku tata "ayo cepetan wis arep diwiwiti"ujar tata sinambi mlayu, banjur aku lan kancaku uga numutine "ayo mi wis diceluk" jareku marang mimi lan kang liya uga melu nyusul kearah tata, pertandingan uga diwiwiti. Sangking semangat e aku tekan lali yen nganggo klambi peteng kang kudune nganggo klambi terang, tekan ndek tengah pertandingan, onok seng nyeluk aku katon bagus rupane sanalika aku terpesona ing kae banjur piyambake menehake jersey pethak karo aku banjur tak gae karo esem kang amba, piyambake uga takon jenengku "sapa jenengmu?" Jare mas mas iku aku njawab karo isin2 "kaila mas" jareku banjur piyambake mbales "oo oke aku kenal e namung kaila padha tata" jare mas mas iku, sak dawane pertandingan piyambake ngekeki aku semangat sinambi dadi komentator, wektu pertandingan iku rampung pancen timku kalah nanging ora ana tembung kalah ing jero semangat e awak e , lan wektu kang bebarengan mas mas iku mlaku nang kearahku karo kancaku lan kakelku seng jeneng e mbak asa ngomong "Andre, iku loh Kaila" aku uga noleh banjur piyambake gumuyu karo aku lan ora ngomong apa apa, banjur aku lan kanca kancaku lunga kanggo mangan, menyang esokan dinane timku dolanan maneh nanging bareng kelas 12 banjur aku lungguh digazebo cedhak lapangan sinambi nunggu kang liyane teka jebul mas Andre ana ndek sebelahku, tata uga ngomong "ooohh ngono tah sebelahan mung ketutupan pot tok" banjur mas Andre uga ngadeg lan dolanan karo kancane ndek ngarepku ora suwe mbak Asa teka ngomong "kapan iki jadianne Andre karo Kaila", Andre uga njawab "karep atur ae ws kapan" tata menyeletuk "21 12 2021 mas, apik" mas Andre uga ngeiyono, wektu ndek omah aku salting ora ngerti kudu apa lan aku iseng kanggo nggoleki sosmed e nanging ora ketemu ketemu, aku langsung takon menyang tata lan kang liya kanggo nggolek i sosmed mas Andre, jebul fahri ngerti banjur aku langsung nggoleki lan bener iku sosmed e aku njajal ngefollow, eh langsung ing follback aku uga kegirangan.

Banjur ana pembukaan duta ing sekolahku lan aku melu bareng kancaku, dadi topik kapisan percakapanku karo mas Andre jebul dheweke becik banget lan grapyak, nanging sawise aku nggoleki tentang mas Andre luwih jero padha wae aku golek lara ati karo ngerti apa kang sebenere, piyambake playboy nanging dheweke pinter ya isih mending.

Sawise sekolah wis lancar mlebu lan aku wis klas 11 dheweke klas 12  wektu mlebu sekolah awake dhewe tansah barengan lan padha-padha sapa ,meh saben dina uga awake dhewe telat ora bosen bosene kaya ngunu. nanging wayah lumaku mangkono cepet piyambake uga ngrampungake masa SMAne, teka dina kelulusane aku mung bisa ndelok dewek e karo nggawakake sekar kanggo mas Andre lan foto karo mas Andre kanggo kapisan lan pungkasan 2 taun kang sia sia aku tresna lan saiki aku weruh dheweke lunga. tembung pungkasan kang bisa aku aturake "slamet lulus mas Andre, muga-muga sukses lan awake dhewe tetep kontakan ya mas" ujarku kang nyimpen raos ing kae lawase taun2 aku sma dheweke gumuyu ning aku lan "matur nuwun ya, tekan ketemu maneh" aku seneng lan ninggalake dheweke karo kancaku.

"mas Andre tekan ketemu maneh ya, aku wis ora tau telat maneh awit kowe lulus, sukses tansah ing kampusmu, dungakno muga-muga aku keterima ing ptn kang tak arepi uga mas Andre, matur nuwun" ujarku karo ndelok langit tekan njero omahku. "he ngelamun ae, opoo kon iku?" jare ibukku sinambi njawil aku, ra keroso tibak e uwes brebes mili motoku mbek iling dewek e "jebul rasaku nang dewek e sedalem iki yo".

"tresnaku gae kowe ora bakal lali, mergo kowe tresna pertamaku ing sma iki"

Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun